Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

32

péngin dadi gedhé dhéwé ana ing antaramu, kuwi kudu dadi baturmu. Lan sapa sing kepéngin dadi kwasa dhéwé kuwi kudu gelem dadi batur tukon tumrap kowé kabèh. Sebab Putraning Manungsa kuwi rawuhé ora mundhut diladèni, nanging malah ngladèni, lan masrahaké nyawané, kanggo ngluwari wong akèh."


VI. Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

Gusti Yesus diarak mlebu ing kutha Yérusalem

Luk. 19-28-40

 Sawisé Gusti Yésus ngandikakaké kuwi mau kabèh, Panjenengané nuli tindak ngrumiyini wong-wong mau menyang kutha. Bareng wis tekan sacedhaké désa Bètfagé lan désa Bétania sing dunungé ana ing gunung Zaitun, Gusti Yésus ngutus sekabaté loro ndhisiki tindaké. Gusti Yésus dhawuh: "Kowé lungaa menyang désa ngarep kuwi. Kowé bakal weruh belo kuldi, sing dicencang. Belo kuwi durung tau ditunggangi wong. Belo mau uculana lan gawanen mréné. Yèn ana wong takon: 'Yagéné kok kokuculi?' Wangsulana: 'Gusti sing arep ngagem."

 Para sekabat loro sing diutus ndhisiki tindaké mau nuli padha mangkat. Lan apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus mau cocog karo kaanané. Nalika para sekabat mau lagi padha nguculi taliné, sing duwé belo ngaruh-aruhi: "Yagéné belo kuwi kokuculi?"

 Para sekabat nuli padha mangsuli: "Gusti ngersakaké ngagem." Belo mau banjur dituntun menyang ing ngarsané Gusti Yésus. Para sekabat mau nuli nyopot jubahé, banjur dilarapaké ana ing gegeré kuldi. Gusti Yésus nuli diangkat lan dilenggahaké ana ing kuldi mau. Sawisé tindak, para sekabaté padha njèrèng jubahé ana ing dalan sing dilangkungi.

 Bareng wis cedhak karo kutha Yérusalèm, ing dalan kang mudhun saka gunung Zaitun, para muridé Gusti Yésus kabèh nuli padha giyak-giyak klawan sora, memuji asmané Gusti Allah, merga saka sakèhing mujijat, sing padha dideleng. Wong-wong mau padha nguwuh: "Binerkahana ratu ingkang rawuh ing asmanipun Pangéran. Tentrem rahayu wonten ing swarga, lan kamulyan konjuk ing Allah!"

 Wong Farisi sawetara sing ana ing antarané wong akèh mau nuli matur marang Gusti Yésus: "Guru, para murid menika mugi Panjenengan dhawuhi mèndel!"

 Nanging pangandikané: "Yèn wong-wong kuwi meneng, watu-watu iki sing bakal giyak-giyak."

Gusti Yésus nangisi kutha Yérusalém

Luk. 19:41-44

 Bareng Gusti Yésus tindaké saya cedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsa kutha mau, Panjenengané muwun. Pangandikané: "Adhuh, saiba beciké, yèn ing dina iki kowé ngreti apa sing sanyatané kokbutuhaké kanggo katentremanmu! Nanging tekan saiki kowé durung weruh. Bakal tekan wektuné, mungsuhmu padha gawé jagragan pirang-pirang kanggo ngepung kowé lan nyerang kowé saka ing ngendi-endi. Mung-