Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

31

Murid-muridé

wedi banget, nganti padha sumungkem ing bumi. Nanging Gusti Yésus nyelaki para muridé sarta njawil, dhawuhé: "Padha ngadega. Aja padha wedi." Bareng padha ngadeg, sing katon mung kari Gusti Yésus piyambak lan ora ana wong liyané menèh.

 Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yésus meling marang para muridé: "Poma, apa sing kokdeleng mau aja kokkandhakaké karo sapa waé, sadurungé Putrané Manungsa kawungokaké saka ing séda."

 Para murid padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Kénging menapa para ahli Torèt sami criyos, bilih nabi Élia badhé dhateng rumiyin?"

Pangandikané Gusti Yésus: "Pancèn nabi Élia rawuh dhisik lan panjenengané bakal nyawisaké samubarang kabèh. Nanging kowe Dakkandhani, yèn nabi Élia wis rawuh, mung waé wong-wong padha ora wanuh marang panjenengané; malah panjenengané digawé sewenang-wenang. Kaya mengkono uga wong-wong kuwi bakal tumindak sewenang-wenang marang Putrané Manungsa."

 Wusana para murid padha ngreti yèn nabi Élia, sing dikersakaké déning Gusti Yésus, kuwi nabi Yohanes Pembaptis.

Ora nguwasani, nanging ngladosi

Mrk. 10:35-45

 Rasul Yakobus lan rasul Yohanes, loro-loroné anaké Zébedéus, padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, banjur padha matur: "Rama Guru, keparenga kula sami nyuwun pirsa."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Iya, arep nyuwun pirsa apa?"

 Wangsulané wong loro mau: "Mbénjing samangsa Panjenengan sampun ngasta pangwasa wonten ing Pepréntahanipun Allah, keparenga kula sami linggih jèjèr Panjenengan, setunggal ing tengen, setunggal ing kiwa Panjenengan."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Kowe ora ngreti apa sing padha koksuwun. Apa kowé wani ngombé saka ing tuwung kasangsaran sing bakal Dakombé? Apa kowé saguh ngalami kasangsaran sing bakal Dakalami?"

 "Inggih, sagah!"

 Gusti Yesus ngandika menèh: "Pancèn, kowé bakal padha ngombé saka ing tuwung kasangsaran sing bakal Dakombé, lan kowé bakal ngalami kasangsaran sing bakal Dakalami, nanging netepaké lungguh ing tengenKu utawa ing kiwaKu, kuwi dudu wewenangKu; Gusti Allah piyambak sing netepaké sapa sing bakal lungguh ana ing tengenKu lan ing kiwaKu."

 Bareng para rasul sepuluh liyané padha krungu aturé rasul Yakobus lan rasul Yohanes marang Gusti Yésus mau, nuli padha nesu marang wong loro mau. Nanging para rasul kabèh banjur padha ditimbali déning Gusti Yésus, nuli dingandikani: "Kowé rak padha ngreti apa sing padha dilakoni déning wong-wong sing padha nyekel pangwasa, yaiku ngerèh rakyaté. Wong-wong kuwi dadi bendarané rakyat. Para penggedhé mau padha nindhes marang rakyaté. Nanging kowé ora kena padha nglakoni sing mengkono kuwi. Malah kosokbaliné, sapa sing ke-