Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

33

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

suh-mungsuhmu kuwi bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah, bareng karo rakyatmu kabèh. Mungsuhmu bakal ora nglestarèkaké watu siji waé tumumpang ana ing watu liyané, sebab kowé ora nggatèkaké rawuhé Gusti Allah enggoné arep nylametaké kowé!"

Gusti Yésus mlebu ing Pedaleman Suci

Luk. 19:45-46

 Gusti Yésus banjur mlebu ing Pedaleman Suci lan nundhungi para wong sing padha dodolan ana ing kono. Pangandikané: "Ing Kitab Suci ana tulisan: 'PedalemanKu kuwi omah Pamujan,' nanging panggonan suci iki kokdadèkaké susuhing maling."

Pangrantam arep nyédani Gusti Yesus

Mat. 26:1-5

 Sawisé rampung enggoné mulangaké bab kuwi mau, Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Kowé wis padha ngreti, yèn kurang rong dina menèh wis riaya Paskah, lan Putraning Manungsa bakal dicekel déning wong akèh lan disalib."

 Ing nalika semana para pengareping imam lan para pinituwané bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing dalemé Imam Agung Kayafas. Para pengareping imam lan para pinituwa mau padha rembugan bab kepriyé rékané, supaya bisa nyekel lan nyédani Gusti Yésus. Nanging olèhé nyekel lan matèni aja pinuju dina riaya, supaya ora gawé gègère wong akèh.

Gusti Yesus mestakané dilengani nganggo lenga wangi ing désa Bètani''

Mat. 26:6-13

 Nalika Gusti Yésus ana ing désa Bètani, ana ing omahé Simon, sing biyèn tau lara kusta, ana wong wadon teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Wong wadon mau nggawa gendul isi lenga wangi, sing larang banget regané. Dhèk semana Gusti Yésus lagi lenggah dhahar. Wong wadon mau banjur nglengani mestakané Gusti Yésus nganggo lenga wangi. Para muridé Gusti Yésus bareng weruh apa sing ditindakaké wong wadon mau nuli padha nepsu, lan padha rerasanan: "Apa kuwi ora ngecèh-ecèh dhuwit? Lenga wangi kuwi yèn diedol rak payu akèh, lan pepayoné rak kena diwènèhaké marang wong miskin?"

 Gusti Yésus mirsa apa sing lagi dadi raşanané para muridé, mulané banjur ngandika: "Yagéné kowé kok padha ngrasani ala marang wong wadon iki? Wong iki rak nglakoni barang sing becik tumraping Aku. Wong miskin rak selawasé ana ing antaramu, nanging Aku rak ora selawasé awor karo kowé. Enggoné ngesokaké lenga ana ing badanKu kuwi rak minangka pecawisaning penguburanKu. Padha titènana! Ing endi waé Injil iki diwartakaké, apa sing ditindakaké déning wong wadon iki iya bakal dicritakaké, minangka pangéling-éling marang dhèwèké."

Yudas Iskariot saguh masrahaké Gusti Yesus

Mat. 26:14-16

 Nalika semono nuli ana salah sawijining muridé Gusti Yésus, jenengé