Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Murid-muridé

30

aja kandha-kandha marang sapa wae, yèn Panjenengané kuwi Sang Kristus.

Gusti Yésus ngandikakaké bab sangsara lan sédané

Mat. 16:21-28

 Wiwit nalika kuwi, Gusti Yésus mblakakaké marang para muridé, mengkéné: "Aku kudu lunga menyang kutha Yérusalem lan bakal dianiaya déning para penggedhé, para pengareping imam lan para ahli Torèt. Aku bakal dipatèni, nanging ing telung dinané bakal katangékaké!"

 Pétrus nuli nggèrèd Gusti Yésus nyisih lan matur marang Gusti Yésus, aturé: "Gusti Allah nebihna Panjenengan saking prekawis menika. Panjenengan boten pisan-pisan badhé ketaman ingkang kados mekaten menika!"

 Nanging Gusti Yésus mbalik sarta ngandika marang Pétrus: "Sumingkira, Iblis Kowé ngalang-alangi Aku. Pikiranmu kuwi pikirané manungsa; dudu apa sing dikersakaké déning Gusti Allah!"

 Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Menawa ana wong arep ndhèrèk Aku, kuwi kudu nyingkur awaké dhéwé, banjur ngangkat salibé lan ngetutaké Aku. Awit wong sing ngudi nylametaké uripé, kuwi bakal kélangan uripé. Nanging wong sing kélangan uripé ing donya kéné merga saka enggoné ndhèrèk Aku, kuwi bakal ngalami urip sing sejati lan langgeng. Apa gunane yen wong ndarbèni barang sadonya kabèh, nanging kélangan uripé sing sejati? Mesthi ora ana gunané. Urip kuwi ora kena dilirokaké karo barang apa waé! Putrané Manungsa ora suwé menèh bakal rawuh ngagem kamulyané Kang Rama, kadhèrèkaké dèning para malaékaté; ing kono Panjenengané bakal ngganjar saben wong miturut penggawéné dhéwé-dhéwé. Titènana! Panunggalanmu iki ana sing ora bakal mati, yèn durung ndeleng Putrané Manungsa rawuh jumeneng Raja."

Gusti Yésus dimulyakaké ana ing gunung

Mat. 17:1-13

 Nem dina sawisé kuwi Gusti Yésus ngajak Pétrus lan Yakobus, tuwin Yohanes seduluré Yakobus mau, munggah ing gunung sing dhuwur. Mung wong telu kuwi sing ndhèrèk. Nalika lagi padha nyawang Gusti Yésus, Panjenengané malih rupa; pasuryané sumunar kaya srengéngé lan agemané katon putih gilap mawa cahya. Para murid telu mau nuli padha weruh nabi Musa lan nabi Élia ngendikan karo Gusti Yésus. Pétrus banjur matur marang Gusti Yésus: "Gusti! Wonten ing ngriki kita sami remen saèstu! Menawi Gusti marengaken, kawula badhé ngedegaken tarub tiga; setunggal kagem Gusti, setunggal kagem nabi Musa lan setunggalipun malih kagem nabi Élia."

 Sajroné Pétrus lagi matur, ana méga sing padhang banget tumurun ngemuli wong-wong sing padha ana ing kono, lan banjur ana swara saka sajroning mega mau, ngandikané: "Iki PutraKu kinasih, sing gawe renaning penggalihKu. Padha rungokna!"

 Bareng para muridé Gusti Yésus ngrungu swara mau, temahan padha