Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

11

Wiwitaning Pakaryané

padha ditimbali déning Gusti Yésus. Sanalika prau lan bapakné ditinggal, nuli padha ndhèrèk Gusti Yésus.

Gusti Yésus ditampik ana ing kutha Nasarèt

Luk. 4:16-30

 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindak menyang kutha Nasarét, kutha asalé Gusti Yésus piyambak. Ing dina Sabat, Gusti Yésus kaya adat saben, tindak menyang sinagogé. Nalika jumeneng arep maos Kitab Suci, Panjenengané dicaosi Kitab Yésaya. Bareng dibukak, manggih ayat sing uniné mengkéné:

 "Sang Roh Suci dumunung ana ing Aku.

  Awit Pangeran wis milih Aku supaya ngabaraké

  Injilé Allah marang wong miskin.

 Pangeran ngutus Aku mertakaké pangluwaran marang

  wong sing dikunjara,

  lan mulihaké pandelengé para wong wuta;

 sarta ngluwari wong sing ditindhes,

 tuwin ngundhangaké

  bakal tekané jaman keslametan peparingé Pangéran marang umaté."

 Sawisé Kitab mau ditutup lan dibalèkaké marang wong sing mau ngaturaké, Gusti Yesus nuli lenggah. Wong kabèh sing ana ing sinagogé padha mandeng Panjenengané. Gusti Yésus nuli ngandika mengkéné: "Ing dina iki, iya nalika kowé padha ngrungokaké enggonKu maca ayat-ayating Kitab Suci mau, isining tulisan kuwi mau wis kelakon."

 Wong-wong padha ngrungokaké temenan pangandikané Gusti Yésus, sarta padha kaéraman tumrap éndahing piwulangé. Wong-wong mau nuli padha muni: "Apa kuwi dudu anaké Yusuf?"

 Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: "Kowé mesthi bakal ngetrapaké paribasan iki marang Aku: 'Dhokter, warasna awakmu dhéwé. Prekara-prekara sing dakrungu koktindakaké ana ing kutha Kapernaum, kuwi saiki tindakna ana ing kéné, ing negara asalmu