Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wiwitaning Pakaryané

10

aturi anjlog; sebab wonten ing Kitab Suci wonten seratan mekaten:

 'Pangeran bakal ndhawuhi para malaékate njaga marang kowé,

  lan kowé bakal ditadhahi ing tangané

 supaya aja nganti kena ing watu.'"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Nanging ing Kitab Suci iya ana tulisan mengkéné: 'Kowé aja nyoba marang Pangéran Allahmu.

 Gusti Yésus banjur digawa déning Iblis, menyang gunung sing dhuwur banget. Ana ing kono Gusti Yésus diaturi mirsani sakèhe kraton ing donya sakamulyané kabèh. Iblis banjur matur marang Gusti Yésus: "Sedaya menika kula caosaken dhateng Panjenengan, angger Panjenengan sujud nyembah dhateng kula."

 Gusti Yesus ngandika: "Wis lungaa, Sétan! Awit ing Kitab Suci wis tinulis mengkéné: 'Pangéran Allahmu sing wajib koksembah lan mung Panjenengané sing wajib kokbektèni!'"

 Wusana Iblis banjur lunga saka ngarsané Gusti Yésus; malaékat-malaékat tumuli padha sowan ngladosi Panjenengané.

Gusti Yésus miwiti pakaryané ana ing tanah Galiléa

Mat. 4:12-17

 Bareng midhanget, yèn nabi Yohanes dikunjara, Gusti Yésus banjur nyingkir menyang tanah Galiléa. Panjenengané pindhah saka kutha Nasarèt lan dedalem ing kutha Kapèrnaum. Kutha kuwi dunungé ana ing sapinggiré segara Galiléa, ing tanah Zebulon lan Naftali, trep karo sing dingandikakaké nabi Yésaya, mengkéné:

 "Tanah Zebulon lan tanah Naftali,
  sing ana ing sauruting dalan menyang segara,
 ing sabrangé kali Yardèn,
  tanah Galiléa panggonané bangsa-bangsa liya!
 Wong-wong sing padha manggon ing pepeteng
  wis padha weruh pepadhang gedhé!
 Pepadhang wis sumunar
  madhangi wong-wong sing padha manggon ing tanah
 sing dikwasani déning dayaning pati!"

 Ing wektu kuwi Gusti Yésus wiwit mulang, pangandikané: "Padha mretobata ninggal dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Pepréntahané Allah arep diwiwiti!"

Gusti Yésus nimbali wong papat tukang njala iwak dadi muridé

Mat. 4:18-22

Nalika lagi tindak ing sapinggiring segara Galilea, Gusti Yésus mirsa wong loro, kakang adhi, yakuwi Simon sing karan Pétrus karo Andréas, adhiné. Wong loro mau lagi padha njala, awit loro-loroné padha tukang njala iwak. Gusti Yésus ngandika marang wong loro mau: "Padha mèlua Aku, kowé arep pada Dakdadèkaké tukang njala wong." Sanalika jalané ditinggal, banjur padha ndhèrèk Gusti Yésus.

Gusti Yésus banjur nerusaké tindaké, sarta mirsa wong loro menèh, iya kakang adhi, yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zebedéus. Wong loro mau karo bapakné lagi ana ing prau, nyulami jalané, banjur