Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wiwitaning Pakaryané

12

dhéwé.'" Gusti Yésus banjur ngandika menèh: "Ngandela, ora ana nabi siji waé sing kajèn ana ing tanah asalé dhéwé. Nanging kowé rak padha ngreti, dhèk jamané nabi Élia, nalika ora ana udan telu setengah taun lawasé, nganti ana pailan gedhé ing sanegara kabèh, ing kono ana randha akèh ing tanah Israèl. Ewasemono Gusti Allah ora ngutus Élia lunga niliki randha mau salah siji. Nanging Élia malah diutus marani randha ing kutha Sarfat, ing tanah Sidon. Mengkono uga dhèk jamané Élisa. Nalika semana akèh wong sing padha lara kusta ana ing tanah Israèl, éwasemono ora ana siji waé sing diwarasaké, kejaba Naaman thok, wong Siria."

 Bareng krungu pangandikané Gusti Yésus sing mengkono kuwi, wong sasinagogé padha nepsu kabèh. Wong-wong mau nuli padha ngadeg lan nyèrèd Gusti Yesus menyang sajabané kutha, digawa menyang pucaking gunung, sing didegi kutha lan saka ing kono Panjenengané arep dicemplungaké ing jurang. Nanging Gusti Yésus tindak nratas ing tengahé wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono.

Gusti Yésus milih rasul rolas

Luk. 6:12-16

 Nalika semana Gusti Yésus minggah ing gunung prelu ndedonga. Enggoné ndedonga nganti sawengi natas. Bareng wis raina Gusti Yésus nimbali para muridé supaya marek. Panjenengané nuli milih wong rolas, sing padha disebut rasul. Yakuwi: Simon (sing diparabi déning Gusti Yésus 'Pétrus') lan Andréas, seduluré. Yakobus lan Yohanes, Filipus lan Bartoloméus, Matius lan Tomas, Yakobus anaké Alféus, lan Simon (sing karan wong kendel), Yudas anaké Yakobus lan Yudas Iskariot, sing ing tembé ngulungaké Gusti Yésus.

Gusti Yésus memulang lan marasaké wong akèh

Luk. 6:17-19

 Gusti Yésus nuli tedhak saka ing gunung kadhèrèkaké déning rasul rolas. Panjenengané kèndel jumeneng ana ing panggonan kang rata. Akèh wong sing padha nglumpuk ana ing kono, kejaba para murid, iya wong-wong liyané, sing padha teka saka ing satanah Yudéa, kutha Yérusalem lan kutha-kutha Tirus lan Sidon, lan tanah sauruté pesisir. Enggoné padha mrono kuwi merga kepengin ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus, lan supaya padha kawarasaké lelarané. Uga wong sing padha kesurupan dhemit padha ditundhung dhemité. Wong kabèh mau padha ngudi supaya bisa ndemèk Gusti Yésus, awit ana daya sing metu saka sarirané, sing marasaké wong-wong mau.