Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
56

Hanak hutawi rincangipun dhalang salah satunggal hanglampahaken ringgit hadeganipun bambang kaliyan pandhita kémawon, dumugi prangipun bambang mengsah denawa lajeng bibar. Sabibaring pucukan wau dhalang lajeng wiwit hangringgit. Jejer punapa badhe lampahar paned hani pun hingkang nanggap. Wondéné hing sakawiti pun karsadalem yasa ringgit Kyai Mangu. Dumugi yasandalem ringgit Kyai Kadung. Pepak sadaya wandaning ringgit. Hingkang pancèn gadhah wand -ranggep hutawi lamba. Kados ingkang kapratélakhaken ing ngandhap punika.
Ringgit hingkang kasumping hing panggungan kiwa tengen. Sarta hingkang mboten kasumpinghingkang sami gadhah wanda kadosta: Harjunawandanipun gangsal. Kalebet kinanthi. Nanging hingkang kagem karaton namung sakawan. Jimat Mangu Kanyut sarta malatsih. Manggèn panggungan tengen (pamadé) Habimanyu Angkawijaya - wandanipun kalih: Pangantèn sarta bontit panggungan kiwa.
Gara-gara wandanipun kalih, geblag sarta sembada panggungan kiwa. Karna wandanipun satunggal bledru. Panggungan kiwa. Kresna wandanipur tiga Gendrèh rondhon, mangu panggungan tengen. Kurupati Suyudana wandani pun kalih. Jangkung sarta jaka, panggungan kiwa. Kakrasana Baladewa nèm, wandanipun kalih, kilat sarta sembada. Panggungan kiwa. Kumbakarna Denawa Ratorton, wandanipun tiga, barong macan. Mripat kalih sarta mendhung. Mripat satunggal panggungan kiwa. Dasamuka wandanipun kalih bugis mripat kalih, sarta belis. Mripat satunggal panggungan kiwa. Srikandhi wandanipun kalih goleng sarta patrem. Panggungan tengen. Setiaki wandani pun tiga, mimis wisun sarta kakin. Panggungan kiwa. Samba wandanipun tiga, sembada banjet bontit panggungan kiwa. Sembadrawanda gangsal rangkung len treng lanceng jinem