Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana kaping IV.

Yasa ringgit Gedhok, babonipun Kyai Banjèt. Nanging kadamel ribik. Ringgitipun estri gelungan, kawangun béda kaliyan gelunganipun ringgit Purwa. Wujutipun ringgit panggung kiwa tengen kadamel rangkep-rangkep. Sarta katonganipun tanpa makutha, namung nganggé jamang. Kagelung warni-warni. Sareng dados kaparingan nama Kyai Dewa Katong. Nuju tahun 1724.

Kacarios: Hingkang Sinuhun Paku Buwana Kaping Sekawan (IV) kala taksih jumeneng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, sampun kathah yasandalem hawarni-warni. Saha dumugi sapunika yasandalem wau kalebet pipilihanipun para hingkang sampun hangrektosi. Manawi bangsa dedamel waos dhuwung, saben damelanipun EMPU BRAJAGUNA.

Ringgit wacucal Purwa utawi Gedhok damelanipun abdi dalem panatah GANDA TRUNA. Utawi CERMA PANGRAWIT. Saha kacarios Sampeyandalem Hingkang Sinuhun wau pralebda dhateng langening praja. Kadosta hanganggit lampahaning ringgit Purwa, saha ringgit Gedhog sarta saget handhalang. Sampun hanetepi prelunipun.

Kados hingkang sampun kasebut huge ring padhalangan. Wiwit kala samanten şalebeting nagari Surakarta dhalang manawi ngringgit béda-béda patrapipun. Manawi ngringgit wonten salebeting Karaton, wiwit gangsa mungel lajeng jejer kémawon. Manawi dhalang ngringgit wonten dalemipun putra-sentana dalem sapangandhap dumugipara habdidalem ageng alit kedah mawi talu rumiyin, lajeng mungel gendhing jejering ringgit. Manawi dhalang katanggap para abdidalem sudagar utawi pangindhung kedah mawi talu. utawi dipun susuli rumiyin, hingkang katembung ngaken mucuki punika, hing saderengipun dhalang wiwit jejer lampahaning ringgit