Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
57

Patrem, panggungan tengen. Pamadé, wanda sekawan: Pangasih,pangawé, kadung, kinanthi, panggungan tengen. Yudhisthira, wanda kalih, puthut panuksma, Panggungan tengen. Bathara GURU,wanda kalih, harca karna mboten kasumping.Gathut kaca, wandanipun sekawan. Guntur, kilat, cacit gelap,panggungan tengen. Baladéwa, wandanipun sekawan. Geger, kaget, sembada,paripeksa, Panggungan kiwa. Bima, wandanipun sekawan. Mimis lindhu, panonlintang, urnat, panggungan tengen Bomowarni, 2; Gusend sarta halus,panggungan kiwa. Bambang wanda, 2: Miling,padhasih, panggungan kiwa. Semar kanthi Bagong, wandanipun,brebes, mendhung, manawi kanthi Nalagareng Petruk, wandanipun ginuk sarta dhukun,mbotenkasumping.Bagong, wandanipun tiga, gilut, gembor, sarta ngrengkel, utawi roti.Mboten kasumping. Petruk, wandanipun tiga, Jegong, jamblang sarta mesem,mboten kasumping. Kajawi kasebut hing nginggil punika ugi taksih wonten Wandaning ringgit warni-warni, hingkang pika jengipun dhalang utawi damel piyambak. Dados nama murgan. Hananging sarehning morojol sakking pahugeran hingkang sampun kagem Karaton. Milanipun mboten kacariosaken hing pratelan punika.
Hing sahantawis tahun laminipun, jumenengdalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. kagungandalem ringgit PURWA kalih lampahan.
Kyai Mangu, kaparingaken hingkang putra Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Haryo KUSUMOYUDO.
Kyai Kanyut, dhateng hingkang putra Kanjeng Pangeran Haryo NOTOPURO.
Kagungandalem ringgit Kyai Pramukenyo enem kagem padintenan.....