Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
54

Hing sajumeneng dalem Nata, Yasa ringgit Purwa, babonipun Ringgit Kyai Mangu. Kaju jut satunggal satengah palemahan. Saha karsadalem sadaya ringgit katongan kawangun mawi makutha...Sadaya ringgit: ingkang mawi wanda dipun wontenaken sangkep rangkep.

Ringgit dugangan kadosta Patih balaSSabrang Saha Kurawa sawatawis. Hingkang perlu kanggé sami kawontenaken. Punapa déné ringgit ricikan utawi kayon utari dadamel sani mboten katunggilaken sakotak. Kamanggènaken ing kotak sanès. Kadosta bangsa hiber hiberan, bangsa gegremetan sato wana. Bubujengan toya peksi sapanunggilanipun. Denawa dhagelan, limrahi pun kawastanan dagelan (sétanan)

Hing sadadosipun ringgit, kagungandalem kyai Kadung, Prayogining wawangunan, punika hanggawokaken. Déné ringgit jujudan katingal turut kados ringgit dèrèng kajujud. Milanipun Putra Sentana dalem utawi prayagung wadana sasaminipun, hing. pundi pundi hingkang yasa ringgit Purwa jujudan sami mirit Kyai Kadung. Nanging mboten wonten hingkang saged prayogi utawi sebetanipun sadaya ringgit jujudan kajawi Kyai Kadung ringgitipun èstri lajeng katingal kinggilan dedek. Namung Kanjeng Pangeran Hario Singasari I, yasa ringgit Purwa, tasih miturut babonipun ringgit yasan hing Kartasura. Dénawa wanan mripat kalih, Sarta para abdi dalem dalang hing kasepuhan inggih tasih mirip wandanipun Kyai Pramukenya. Hingkang kasimpen hing gedong Siti Hinggil. Déné abdidalem dalang hing Kadipaten damelanipun ringgit Purwa mirib wandanipun Kyai Kadung utawi Kyai Kanyut. Dénawa wanara sami mripat satunggal.

Katelah dumugi ing sapunika. Tiyang damel ringgit ingkang dedek hangadeki pun dèreng kajujud. Kawestanan sami kaliyan ringgit padalangan. Menggah para putra sentana utawi abdi dalem hingkang sami damel ringgit Purwa. Gurunipun inggih katah ingkang tatahani pun dalang Sodongso ing dusun Palar..wau.