Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
53

punika namung kapulas gempolen. Limrahing pakecapan kawastanan pathekan Kyai Kanyut pamulasipun kahèsthi ron. Sawèneh sembagen. Kembang tiba. Hamarengi ing taun Jé 1708 Utawi masei 1753.

Kaparengdalem yasa ringgit Purwa malih. Salampahan. Babonipun yasan ringgit ing Kartasura. Kajujut sapalemahan. Sarta kawangun Denawa sarta wanara sami mripat satunggal. Saha wangun wandané Harjuna enèm. Kinanthi hakaliyan Kadung. Angkawijaya bontit. Ugi kawastanan wanda pangantèn. Punapa malih yasa wanda Bima gurnat.

Jaladara wanda kaget. Kresna mangu, Brataséna manut wandaning Bima kemawon. Saha karsa dalem yasa denawa prepatan. Sami mawi rasukan, saha mangun wandanipun Pétruk. Wanda mésem. Bagong wanda ngrèngkèl. Ugi kawastanan wanda roti. Saha yasa Putra Ngalengka, mboten bokongan. Habdi dalem pananatah hingkang kakarsakaken hanggarap: I: Cermapangrawit. 2: Gondo truno. 3: Cermonatas. 4: Cermodrono. 5: Cermotruno. 6:Cermojoyo. Kala samanten wiwit wonten awisaning Ringgit Wacucal Purwa. Sarta Gedog. "Kajawi kagungandalem sami mboten katilan mawi palemahan cemeng. Punapa malih mboten kalilan hadamel kayon ingkang mboten kahisènnan bubujengan. Sareng Sampeyandalem kaparingan nama Kyai Pramukenya Enem. Ugi kawastanan Kyai Pramukenya ing Kadipaten Kawonten ani pun ing sapunika kasebut ringgit Jujut sapisan. Ringgit wau lajeng kunjuk Hingkang Sinuhun. Déné ringgit Kyai Pramukenya, babonipun kasimpen ing Gedong Sitihinggil. Nalika punika nuju taun Bé,1710. Utawi masei 1755.