Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
52

Hing nalika Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B. IV. taksih jumeneng Pangeran Pangeran Adipati Anom, kersa yasa ringgit Purwa.
Babonipun ringgit yasan ing Kartasura. Kaparingan nama Kyai Pramu Kenya. Abaidalem panatah hingkang kakarsakaken nggarap nama: Gandatruna kaliyan Cermapangrawit. Punika karsadalem mangun wandaning ringgit rangkep-rangkep. Dene Wanara sami mripat satunggal. Ringgit lanyapan sami sami kabucal sangkupipun. Sarampungipun yasandalem wau saklampahan, kajawi ricikanipun cacah 200. Saha lajeng kaparingan nama Kyai Mangu. Nuju ing tahun EHe 1706 utawi masei 1751.
Tumunten karsadalem yasa ringgit malih. Baboni pun Kyai Pramu Kenya. Sami kawangun kados kagungan dalem hingkang sampun dados. Nanging wewah Bima mawi Makutha. Dasamuka mripat satunggal. Wandani pun Belis. Kumbakarna mripat satunggal. Wanda mendung. Sumbadra wanda lentreng. Rara Ireng (Sumbadra enem) lastantun lanceng. Kala samanten ringgit yasan hing Surakarta sampun mboten mawi sang kala gambar. Déné titimangsanipun sami dipun serat nunggil palemahaning kakajengan. Hamargi sampun wonten hingkang saged ngukir. Sastra wonten hing wacucal. Menggah wandaning ringgit sami mungel ing palemahanipun. Kadosta hingkang rupak palemahanipun namung mungel jenengandalem. Harjuna Jimat. Hingkang wiyar palemahanipun mungel nama wanda saha angkaning taunipun. Sareng sampun dados salampahan, kaparingan nama Kyai Kanyut. Wondéné kagungan dalem ringgit purwa Kyai Mangu. Sarta Kyai Kanyut wau, Sarèhning cacahing kawujutan saha wandanipun sami hingkang kabedakaken namung panyunggingipun busana. Kyai Mangu