Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
44
SERAT WULANGREH YASANDALEM HINGKANG SINUHUN PAKU BUWANA IV.

Sekar Dhandhanggula.

  1. Pamedharing wasitaning ati.
    Cuman thaka aniru pujangga.
    Dhahat mudha ing batine.
    Nanging kedhah ginunggung.
    Datan weruh yen akèh ngeseni.
    Peksa ngungrum pustak 1.
    Basa kang kalantur.
    Tutur kang katula-tuli.
    Tinalaten rinuruh kalawan ririh.
    Mring padhanging sasmita.
  2. Sasmitaning ngaurip puniki.
    Yekti éwuh yèn nora weruha.
    Tan jumeneng ing uripé.
    Akèh kang ngaku- aku.
    Pangrasané pan wus utami.
    Tur durung wruh hing rasa.
    Rasa kang satuhu.
    Rasaning rasa punika.
    Upayanen darapun sampur neng diri.
    Hing kahuripanira.
  3. Jroning kur'an nggoning rasa jati.
    Nanging pilih wong kang uninga.
    Kajaba lawan tuduhé.
    Nora kena kinawur.
    Ing satemah nora pinanggih.
    Mundhak katalajukan.
    Temah sasar susur.
    Yèn sira ayun waskitha.
    Kasampurnaning badanira puniki.
    Sira hanggeguruwa.