Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
43

badhé kagem dandosan. Mila lajeng paring dhawuh, Jabang bayi jenengna Rara Beruk. Hing riku Hingkang Sinuhun kèngetan rikala dhawuh - nglebetaken jabang bayi samangsa lahir. Ingkang teksih wonten wawratanipun mbok Jogosworo.
Hingkang Sinuhun dhawuh ing binjang manawi laré wanci jebèng tapih kinten 12 tahun, kadhawuhan nglebe taken Kraton.
kalampahan dumugi wanci kadhawuhan wau, Rara-Beruk kaunjukaken malebet Kraton. Kaparengdalem katunggilaken para cethi.
Kacarios manawi wanci dalu badanipun Rara Beruk katingal kados déné murub, ngantos kahuningan Hingkang Sinuhun. Tegesipun Hingkang Sinuhun mrangguli, murubipun Rara Beruk wau.
Salajengipun Rara Beruk kapundhut dados priyantundalem, garwa ampéyan. Dewasanipun kakersaka ken dados PRAMESWARI DALEM.
Kaparingan asma sarta sesebutan KANJENG RATU KENCANA. Kapirit saking, amargi kadunungan urub kados cahyanipun Kencana. Makaten ugi Mbok Jogoswara sinebut R.Ay. IBU. Ki Jogosworo kaparingan pangkat Tumenggung, nama Raden Tumenggung WIROREJO. Déné ana jaler bektani pun mboк wirorejo rikala randha ing Semarang, kaparingan sesebutan Raden Panji Sumodilogo.
Punika cuplikan sawatawin sejarahipun Prameswari dalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana III ing Surakarta.

***********