Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
45


SAMPEYAN DALEM HINGKANG SINUHUN KANJENG SUSU

HUNAN PAKU BUWANA SENAPATI ING NGALAGA ABDUL RACHMAN SAYIDIN PANATA GAMA KALIFATULAH ING

KANG KAPING IV ING NAGARI SURAKARTA HADININGRAT. 1768.

Ugi kasebut Susuhunan Bagus.
Putradalem Sampeyan dalem Hingkang Sinuhun, Paku Buwana III. Putradalem no 17. Mios saking Prameswari dalem K.RATU KENCANA (Beruk)

Wiosan dalem ing dinten: Kemis Wage jam 10 dalu. Tanggal kaping 18 Rabingulakir taun Je 1694 utawi 2 September 1768 Wuku Watugunung Windu Sengara, Kaparingan asmà B.R.M.GUSTI. SUBADYO.

Sareng dewasa kajumenengaken Pangeran Adipati Anom, asma.
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM SUDIBYA RAJA PUTRA NARINDRA MATARAM INGKANG KAPING II ING NAGARI SURAKARTA HADININGRAT.

Jumeneng Narindro hanggen tosi Ramadalem suwarga: Hamarengi dinten Senen Paing tanggal kaping 28 Wulan Besar Taun Jimakir 1714, utawi 29 September 1788 Wuku Kulawu Windu Hadi. Sinengkalan; DADI RATU SABDANING RAMA. Nalika semanten yuswa dalem saweg 20 Warsa 7 Wulan.

Surud dalem hamarengi dinten malem Senèn Paing tanggal kaping 25 wulan Besar Warsa Alip 1747, utawi 2 Oktober 1820. Wuku Marakèh Windu Sengara waci jam 7.30 Dalu. Sinengkalan; SIRNANING PANEMBAH HANGESTHI TUNGGAL.
Surud dalem dumugi yuswa 53 Warsa. Déné laminipun Hangasta Pusaraning Praja 33 Warsa. Jumenengdalem Nata ing taun 1788. Surud dalem ing taun 1820. Wiosandalem ing taun 1768.