Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

42

Kocap kacarito: Nalika jumenengdalem Hingkang Sinuhun P.B.II ing Kartasura, kagungan kekasih nama Ng. Wirorejo. Sabedhahipun Nagari Kartasura Ng, Wirorejo pisah kaliyan Gustinipun. Keplajeng ngalèr dumugi Semarang. Ing Semarang piyambakipun lajeng rabi kaliyan rincangipun Tuwan Semit. Babu punika sampun randha. Gadhah anak alit satunggal jaler. Wirorejo lajeng tumut ingkang estri wau, dados jongosipun tuwan Semit.

Sawatawis dangu tumut tuwan Semit. Namung rèh ning Tuan Semit dipun pindhah pedamelanipun dateng Surabaia. Pak Wirorejo mboten tumut Rehning jaman sampun jamanipun Hingkang Sinuhun Paku Buwana III, ngadhaton ing Nagari Surakarta, Wirorejo sak anak bojonipun boyong dhateng Surakarta. Lelantaran pamanipun nama Ngabei Wirojoyo, suwita malih. Ngabèi Wirojoyo pamanipun punika abdi dalem srati. Griyanipun Gajahan. Pasuwitanipun Wirorejo saget katampi. Kadadosaken Abdi dalem juru maos. Kaparingan nama Ki Jogosworo. Lajeng dipun pendhet mantu déning pamanipun Wirojoyo.

Kocap mbok Wirorejo, inggih mbok Jogoswara babunipun tuwan Semit dados mbok sepuh. Nuju wawrat mboten kempal kaliyan ingkang jaler, Gesangipun memelas. Nuju wanci dalu Hingkang Sinuhun P.B.III nuju mlampah-mlampah mirsa wonten pulung cumlorot dhawah kaprenah wonten kampung Gajahan panggén ani pun Ki Jogosworo. Mbok Jogoswara sepuh nuju wawrat ageng wonten griya piyambak kaliyan anakipun sapiyan. Hingkang Sinuhun lajeng dhawuh, ing binjang samangsa bayi lahir, kadhawuhan lapur Hingkang Sinuhun. Saèstu nalika bayi lahir, Jogosworo lajeng ngaturi uninga dhateng Kraton, bilih dalu jam 2 estrinipun gadhah anak medal èstri wilujeng. Rikala dipununjuki huninga panjenengandalem saweg nuju dhawuh mecah beruking klapa, mripat satunggal.