Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
41


SEJARAHIPUN KANJENG RATU BERUK.

Panjenengandalem Nata Hingkang Sinuhun P.B. IV.
Punika putradalem Hingkang Sinuhun P.B.III.
Déné Ibudalem asma K.R. KENCANA. (Beruk) Atmajanipun Raden Tumenggung Wirorejo. (Ki Jogosworo) Mbok manawi kathah ingkang dèrèng wuninga, sinten to Raden Tumenggung Wirorejo punika. Makaten: Kanjeng Ratu KENCANA, asalipun mboten saking trahing aluhur. Parcèn inggih makaten. Hingkang Maha Kuwasa kaparengipun pancèn hanyengkakaken ing Aluhur dhateng para kawula alit, punika saged kémawon. Dados mboten kala rumiyin saha sapunika. Lampahé sejarah, suka paseksèn bilih kawula alit punika saget kémawon, hanjalari tumuwuhipun para luhur. Tegesipun, para ingkang jumeneng Nata Hingkang asma Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana, tetéla kagungan darah luhur para Nata ugi dharah Kawula ALIT.

Punika dungèngipun. Déné trah kawula Alit kados Ibudalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. Ngantos gadhah sesebutan KANJENG RATU. Lan asma KENCANA. Punika cuplikan sekedhik dongengipun kasebat nginggil.
Kawiwitan saking Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping III. Kagungan prameswari kalih.
Asmani pun ugi Kanjeng Ratu Kencana. Punika putrinipun Kanjeng Ratu Maduretno, sedhèrèkipun Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.II. Dados dhawah nak sedhèrèk, kaliyan Hingkang Sinuhun P.B.III.
Kanjeng Ratu Maduretno punika kagarwa kaliyan PANEMBAHAN GAKRANINGRAT ing Madura.
Kanjeng Ratu Kencana Beruk punika atmajanipun R.T.Wirorejo. Dados saking kawula Alit. Garwano I sarta no 2 asmanipun sami.