Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
38


HINGKANG Sinuhun marengaken nanging mundhut supados Kumpeni nyuman èkaken panampinipun. Pasrahan guru wau salebetipun sawatawis wulan. Salajengipun dhawuh supados guru sampun ngantos kapatrapan pahukuman. Nanging kahan tukaken dhateng nagari asali pun.Kumpeni nyandikani. Nagari wilujeng mboten kadadosan gégér.
Malih wonten kadadosan ingkang badhé gègèraken prajadalem Surakarta. Inggih punika, nalikanipun jaman Gupenur Jindral Herman Willem Daendels. Prekawisipun kalayan cekak mapan. Rumiyin sadèrengipun Deandels wonten Tanah Jawi, Walandi punika ngantos dumugi Residenipun, manawi sowan Kraton, kedah mboten tabik, polatan kon jem siti. Manawi sampun dumugi Ngarsa dalem nungkulaken sirah kaping tiga. Nanging Jendral Deandels badé ngéwahi tatanan punika.

Hingkang Sinuhun Mboten marengaken. Pangandika dalem, Sing kagungan pranatan Praja Surakarta iku Ratu. Sajabaning Praja, Ratu ora meksa.Nanging samangsa mangsa ngambah Praja luwih-luwih sowan Kraton, kudu netepi tatacaraning Ratu. Déné yèn ora manut pranatan pra susah ngambah Prajaning Ratu.
Ing babagan songsong, ugi makaten. Sakawit panganggèn manca kaliyan manganggé songsong manawi lumebet sowan Kraton ing dinten tinamtu. Nanging Jendral Deandels ugi badhé ngéwahi, awit pamanggihipun song song lambang pangayomaning Ratu. Sinuhun kenceng kedah mawi song song. Kajawi manawi mboten badhé sowan Kraton, kénging mboten payungan. Wekasanipun pranatan Kraton tetep sami dipun èstokaken.
Satunggiling kawonten an, ingkang suka paseksèn bilih Hingkang Sinuhun mboten remen kawengku bangsa sanès. Punika duk rikala jaman Keizer Napoleon Bonaparteiing Prancis nguwasai jajahan Walandi, winengku tetepangan kaliyan Hingkang Sinuhun ing Surakarta. Keizer wau badhé