Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
39


Nyaosaken pisungsung awujut keramiek lan orgel. Keramiek awujut jambangan, inggilipun 30 senti meter. Warni abrit ulesipun anggur, (Wynrood) Rin engga gambaran sekar warni kuning emas. Dene orgel, warni biru laut, ukir kuning emas, rinengga gambar kupu sarta sesekaran. Namung dhawuhipun Hingkang Sinuhun kersa nampi pisungsung wau nanging mundhut supados ingkang nga turaken Gupernur Deandels piyambak, sowan Kraton punapa mesthinipun. Kok inggih kelampahan.

********
SAMPEYANDALEM HINGKANG SINUHUN PAKU BUWANA IV.

Mbangun Masjid Ageng tahun: Ehe 1716 Masei 1789
Adegipun regol Simangan ti Ler: tahun Je 1718 Masei 1719.
Pasangipun tales Siti Hinggil Kidul: Senen kaping 2 Rabingulakir tahun Wawu 1721. Masei 1794. Nunggil warsa nanem uwit waringin kurung sakembaran hing Alun-alun Kidul. Ngadegipun saka guru dalem Prabasuyasa kawanngun malih; Hing tahun Jimakir 1722 Masei 1795 Rampungipun hanggening hangandosi dalem Prabasuyasa Kawangun sarta lajeng kahe pyan kahecet Tahun Alip 1723 Masei 1796. Kapa wangun Majapait: Tahun Be 1728 masei 1802.
Gedhong sakleripun Prabasuyasa sarampungipun kaparingan nama dalem Ler (Nepen) Tahun Be 1728 Masei 1802.
Loji Beteng hing Klaten: Tahun Alip 1771 Masei Ngadegipun Bangsal Witana Siti Hinggil Kidul Salasa kaping 3: Besar Be 1736 Masei 1810 Januari.
Saka Rawa Pandhapi Ageng kahumpak. Marengi ing dinten Salasa Pon kaping 16 Rabingulakir Alip 1739. April 29 tahun 1812.