Menyang kontèn

Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
37

BEKSA KALANA. Manawi kapareng ngasta nabuh, adhaan ngendhang utawi mbonang. Tumrap pakeliran, Hingkang Sinuhun ugi kalebet pana ngringgit utawi ndhalang, Prigel wasis gendhing gendhing sarta mumpuni. Yayasandalem wayang wacucal.Kosta: Kyai Mangu, Kyai Kanjut, Kyai Pramukenya, Kyai Jimat, Kyai Kadung, déné yayasan dalem wayang wacucal Gedhog asma Kyai Dewakatong. Ingkang sakawit kagungan anggit mripat denawa sarta wanara cacah kalih kadadosaken satunggal. Inggih panjenengan dalem Nata kaping I. Mila wiwit kala samanten, wayang wacucal Surakarta, denawa sarta wanara mripatipun namung satunggal. Wayang wujut lelembut, senjata, gaman punika wontenipun ugi wiwit anggitanipun Hingkang Sinuhun P.B. IV. Ing babagan abdi dalem prajurit panjenengan dalem Nata ngersakaken yasa golongan Jayèng Astra. Tamtama, Talangpati, Prawireng.
Panganggèn abdi dalem prajurit, kala semanten tasih anulat panganggèn kumpeni. Lajeng kasan tunan jara jawi. Menggah bab penggalih dalem ing kang sesambetan kaliyan nJawi rangkan. Panjenengan dalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. Sanyata Narindra ingkang Sudhik winengku kuwasané liyan bangsa.
Nate wonten lelampahan satunggiling wekdal gèsrèk pamanggih kalian kumpeni. Déné sebabipun, Amargi Hingkang Sinuhur ngayomi beburon kumpeni. Sak wènèh Guru Agama Islam asal saking Arab, ing kang hanggelaraken wucalan Wahabi. Pamanggihipun Kumpeni, wucalan punika ngawrat raos memengsahan kaliyan Kumpeni. Ingkang sampun radi tumekar ing tlatah Banten, Ceribon, Madura. Sareng badhé ngancik praja dalem Surakarta, guru wau dipunayomi Hingkang Sinuhun. Sareng Kumpeni ngertos lajeng ngunjuk aken panyuwun, supados Hingkang Sinuhun maringaken beburon wau dhateng Kumpeni. Nanging mboten dipun paringaken. Adreng sami adreng. Minangka nyapih gegering praja.