Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
36


SALEBETIPUN NGASTA PUSARANING PRAJA, YASA.

Kathah wewangunan ing Kraton Dalem ingkang hadegipun awit saking yayasan dalem. Kadosta: Dalem Panepen, Bangsal Witana Inggil punika ing Siti Hinggil iring Kidul, ingkang nyambet Bangsal Séwayana. Yasa pasanggrahan ing Cemani, Kapareng dalem dawel sudhètan Bengawan ing sa wétaning Bacem, kahilèkaken dumugi Baturana, ingkang salajengipun winastan lèpèn Gejigan. Destar ingkang mawi kuncung, punika ugi awit saking panganggitipun panggalih dalem.
Kathah beksan beksan, gendhing gendhing yasandalem punapa déné gamelan gamelan.Kadosta begsan badhaya DARADASIH, Bedhaya gendhing ELA Ela Begsan Wireng GELAS ALIT. Begsan bcgcan ingkang ngawrat hamung pinangka lelangen, upaminipun, Begsan Kusuma Asmara ingkang mligi kanggé Pasa muan pangantin dhaup. Yasandalem gendhing SANGAPATI minangka iringan beksan Srimpi. Gendhing Remeng, Diradhameta, Roningtawang, Larasati, Pramugari Pangkur Ranumenggala. Taksih dasan anmalih kathahipun. Gamelan ugi mboten sakichik yasandalem P.B. IV. Kadhosta Kyai Naga Jinggot ingkang salajengipun kaparingan santun asma Kyai Guntur Madu. Kyai Guntur Sari punika Gamelan Sekaten, Kyai Kancil Belik. Kyai Windusana Kyai Kutawindu, Kyai Dewakatong lan sanès sanèstpun. ING BABAGAN KASUSASTRAN yasan dalem ingkang kawentar indah sarta kathah ingkang ateges tansah maos, punika SERAT WULANGREH. Panitisastra Wicara Keras Wulang tatakrama Brataputra.
Lampahan ringgit Gedhog, upaminipun PANJI DHADHAP, PANJI SEKAR, PANJI LARAS PANJI BLATER Kalapa warna lan tasihkatah tunggilipun. Manawi nuju wonten gladhènbegsan utawi nabuh gamelan ing Kraton asring sanget Panjenengan dalem Nata nyarirani terkadhang ngersak aker begsan Déné ingkang karenan ing panggalih dalem