Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
35

lenggahipun pinarak ing pandhapi Parangkarsa. Wondéné pisowanipun Kyai Pengulu Martoloyo sandhahanipun sumawana Ki Ng. Ranggasutrisnosami wonten ing bangsal Marakata nyarantos timbalandalem.
Wanci jam 8.30 dalu Hingkang Sinuhun sakalian para prameswari dalem miyos salebeting Puraya. Lenggah ing madé pandhapi Parangkarsa. Sasampunipun ngandikan kaliyan para rayi rayidalem, lajeng handhawuhaken lumebe tipun Kyai Pengulu Martoloyo sa-andhahanipun punapa déné Ki Ng. Ranggasutrisno. Sasampunipun sadaya sami sumiwi ing ngarsadalem Hingkang Sinuhun Handhawuhaken timbalandalem bilih ing dalu wau Hingkang Sinuhun badhé angleksanani sabdanipun Kanjeng Ramadalem, hingkang sampun sawarga. Kados ingkang kapacak ing Pustaka Wasiyat ingkang kaparingaken dhumateng Kyai Pengulu Martoloyo, saderèngipun surudipun Kanjeng Rama dalem. Hingkang Sinuhun lajeng handhawuhaken dhumateng Nyai Mas Tumenggung andikakaken matedhakaken Pustaka Wasiyat dhumateng Ki Ng.

Ranggasutrasno, salajenipun kadhawuhan maosa ken ing ngarsanipun para prayagung luhur. Sasampunipun paripurna pamaosipun pustaka Wasiyat paringi pun sawarga Kanjeng Ramadalem. Andhawuhaken bilih injingipun para sadhèrèk dalem kadhawuhan sami sowan malih saperlu anampèni Pustaka Wasiyat paringdalem sawarga Ramadalem.
Hingkang Sinuhun sakaliyan pramèswaridalem kekalih jengkar angedhaton, dene sadherekdalem sami kalilan bibaran.

Hinjingipun wanci jam 9 Hingkang Sinuhun kapareng nyariranian jenengi pambaginipun pusaka Wasiyat. Tumindhakipun miturut suraosing Pustaka Wasiyat TURUT RUNTUT mboten wonten ingkang kalangkungan.

**********