Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
34


SAMPEYANDALEM HINGKANG SINUHUN P.B.V, ANUHONI PUSTAKA WASIAT TETILARANDALEM HINGKANG SINUHUN KANJENG SUSUHUNAN P.B.KAPING IV SWARGA.

Sasampunipun 3 dinten saking titimangsa jumenengandalem Nata, Kyai Pengulu Martoloyo sowan ing ngarsadalem. Perlu angunjukaken Pustaka Wasiat Tetilarandalem Sawarga Sampeyan dalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B. IV, tumrap para putra putridalem sadaya, sinartan kitirdalem ingkang tumrap dhumateng Kyai Pengulu Martoloyo.
Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B. kaping V. Sasampunipun anguningani suraosing Pustaka Wasiyat tilarandalem Sawarga Kanjeng Ramadalem punapa déné suraosing kitirdalem dhumateng Kyai Pengulu Martoloyo. Salajengipun andhawuhaken timbalandalem dhumateng Kyai Pengulu, bilih kalih dalu malih Hingkang Sinuhun badhé angleksanani dhawuh timbalanipun Kanjeng Ramadalem kados ingkang kawrat ing Pustaka Wasiyat.
Awit saking punika Kyai Pengulu kadhawuhan sowan kanthi angirit abdi dalem Ketib cacah-kalih, ing wanci jam 8 dalu. Kyai Penguli Martoloyo sasampunipun terang dhawuh timbalandalem, nyuwun medal saking pasilan. Hingkang Sinuhun tumunten andhawuhaken timbalandalem dhumateng abdi dalem Nyai Mas Tumenggung handikakaken matedhani uninga dhumateng sadherèkdalem sadaya kakung putri-kalebet garwanipun, bilih kalih dalu malih wanci jam 8 dalu sami katimbalan malebet ing Kraton, mboten kalilan pamit. Ugi kadhawuhan animbali pisowanipun Ki Ng. Ranggasutrasno, abdi dalem Panewu carik Kadipaten.
Kacarios: Anujú satunggiling dalu wanci jam 3 para sadhèrèkdalem kakung putri kalebet garwanipun sampun sami malebet ing Kraton,