Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

28


PUSTAKA WASIYATDALEM HINGKANG SINUHUN KANJENG

SUSUHUNAN PAKU BUWANA IV DHUMATENG PARA PUTRA

PUTRIDALEM SADAYA.

Anuju satunggiling dinter. Sampeyandalem Hingkang Sinuhun animbali pisowanipun abdi dalem-Pangulu, Kyai Pangulu MARTALAYA. Kaparengan-pustaka wasiat tumrap para putra putridalem-sadaya. Ingkang sampun kapacak sawatawis warsa kapengker sinartan kitirdalem Hingkang Sinuhun dhumateng Kyai Pangulu Martalaya.

Sasampunipun sadaya wau katampèn déning Kyai Pangulu Martalaya, Hingkang Sinuhun. paring pangandika, supados Kyai Pangulų angistokaken suraosing kitir dalem. Hingkang minangka dados paugeran anggenipun kadhawuhan angleksanani, suraosing pustaka wasiyat. Samangsa Hingkang Sinuhun sampun surud dhumateng kasédan-jati.Kyai Pangulu lajeng kalilan medal saking pasilan.

Menggah surasaning kitir dalem punapa déné pustaka wasiyat tumrap para putra putridalem kados teted hakan ingkang kapacak ing ngandhap punika.


TETEDHAKAN KITIRDALEM DHUMATENG KYAI PENGULU MARTALAYA.

Salam manira marang kakang Pangulu Martalaya. Kakang Pangulu sira aja wani-wani angowahi apa sak uniné layang manira iki. Parintah manira kang kamot ing layang manira iki pama-pama dikalakon, lan maningo layang manira, sira simpenana. Darapun mbésuk ing sapungkur manira aja nganti lali marang jenengé tumbak utawa keris si ji-sijiné. Sak namané kang manira wasiyati. Si kakang aja nganti lali. Muga-muga putra-putra manira lanang wadon, kang tuwa miwah kang anom, kabèh padha hangistekeno.