Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

27


dhumateng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom. Kersadalem wau mboten saget kasembadan, jalaran Hingkang Sinuhun anandhang raga.
Sadanguni pun gerah aering animbali para sentana samawana abdi dalem kinasih. Dipun jak-ngandikan wonten kamar pasaréyan dalem. Sanès dinten Hingkang Sinuhun ngantos animbali pasowanipun Papatihdalem. K. R. Adipati Sosrodiningrat II.

Hingkang Sinuhun paring pangandika bilih gerahing sariradalem saya kraos awrat. Mbok manawi kinarsakaken Gusti KANG MURBENG DUMADI sariradalem kundur ing kasédan jati, Hingkang Sinuhun mundhut PRASETYANIPUN K. R. Adipati Sosrodiningrat II. Kadhawuhan ngladosi putradalem hingkang gumantos Nata kaliyan setya sumungkem, punapa déné kadhawuhan hamomong dhumateng para putradalem sadaya. Sampun ngantos sami pasulayan, antawisipun sedhèrèk piyambak. Sasampunipun K.R.Adipati Sosrodiningrat II nyandikani dhawuh timbalandalem, lajeng kalilan medal saking pasilan,

Kacarios saking watering panggalih dalem anggèni pun amanggalih wecaning Sayid saking Tanah Arab, nalika saman ten gerah dalem saya katingal majeng,
Temahan hanjalari murud dhumateng don Kasédan jati.

SURUD DALEM AMARENGI ING DINTEN MALEM SENEN PAING TANGGAL KAPING 25 WULAN BESAR WARSA ALIP 1747. SINENGKALEN: SIRNANING PANEMBAH ANGESTHI TUNGGAL. UTAWI OKTOBER 1820 WUKU MARAKEH WINDU SENGARA WANCI JAM 7.30 SONTEN.

Suruddalem dumugi yuswa 52 Warsa. DENE LAMINI PUN JUMENENG NATA HANGASTA PUSARANING NAGARI 33 Warsa. Jumenengdalem Nata tahun 1788.
Surud dalem ing tahun 1820.
Wiosandalem ing tahun 1768.