Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

29


Anggon manira masiati kang wus muni ing layang iki lan muga padha narimaha ing pandum.


AMIN YA ROBBIL ALAMIN.

Lan maninga wekas manira marang Si kakang, besuk sapungkur manira, yen manira kinarsakake Gusti Allah tinek akaken ing janji, manawa Gustinira kang jumeneng Nata angrusak Walanda yen sira weruh utawa mangrungu, iku pama-pama kakang banget gundhelana. Polane pinada karo napsu amarah lan luwamah.

Wondene mbesuk wong Jawa yen wis bisa ngilangake napsune Amarah lan Luamah Walanda nora susah nganggo diperangi atas karsaning Allah wis masthi lunga dhewe.

Iku poma kakang Pangulu, sira istokena, ditemen wasiyat manira. anggenira dadi Pangulu-menyanga saturun-turunira, lan saturun-turun manira padha angestokena, kang temen-temen.

Ing sapiturute kabeh turun tumurun ing dharah manira lan turunira. AMIN.


TETEDHAKAN PUSTAKA WASIYATDALEM INGKANG SINUHUN KANJENG SUSUHUN ANPAKU BUWANA IV DHUMATENG PUTRA PUTRI SADAYA.

Penget layang ingsu: Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana Senapati Hing Ngalaga-Abdulrachman Sayidin Panata Gama ingkang jumeneng kaping IV ing Surakarta Hadiningrat.

Ingkang dihin salam ingsun kapindho dhawuha-marang sira putraningsun kabeh, lanang wadon gedhe cilik tuwa anom. Lire ingsun paring wasiyat marang sira kabeh kang arupa keris saprabote atanapi kang arupa tumbak saprabote-iku minangka warisanira.

Putraningsun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegoro Sudibya Rajaputra Narindra Mataram kaping III ing Surakarta Hadiningrat. Ingsun patingi keris Kyai Baruang lan