Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
26
WOH KURMA 3 IJI ANGBAL ANGSALIPUN SAYID SAKING TANAH ARAB.


Sigeg: Gantos cinarita.
Anyarengi ing wulan Ramelan (Puasa) Hingkang Sinuhun Paku Buwana IV, han ampèni pisowanipun satunggiling Sayid saking Tanah Arab. Menggah wigatosipun namung angun juk ak en bebetanipun angsal-angsal woh kurma 3 iji. Hingkang Sinuhun sak kalangkung ngungun ing salebeting wardaya, déning satunggiling Sayid saking tanah Arab lumawat dhateng Tanah Jawi. Lajeng sowan ngabé antara ing ngarsadalem,namung saperlu angunjuk aken woh kurma cacah 3 iji Hingkang Sinuhun sampun kagungan hanyakrabawa. Bilih punika namung satunggiling pralambang. Pramila Sayid lajeng kadangu, menggah ingkang dados wredinipun. Sayid munjuk ing ngarsadalem bilih mbinjing putradalem tiga pisan badhé jumeneng Narindra. Sasampun ngandharaken sasmita ning gaib, Sayid lajeng tumunten lengsèr saking ngarsadalem. Hingkang Sinuhun dhatanpa paliwara.
Sapering pasowanipun Sayid wau, Hingkang Sinuhun sapandurat dhatan enget Purwa duk sinané. labet saking sakalangkung kagiyat raosing panggalih Amenggalih dhumateng werdining pralambang ingkang kahun jukaken déning Sayid wau. Raosing panggalihdalem, tamtu badhé wonten lelampahan anganèh-anèhi ingkang handadosaken retuning Nagari dalem. Jalaran saking pakartining putra-putradalem piyambak. Ingkang makaten wau njalari gorehing panggalihdalem. Awit saking punika Fingkang Sinuhun badhé atilar keprabon Arsa mandhita wonten ing dhusun Cemani. Kaprenah sak kidulkilèn Kuta Surakarta. Bawah Kaca matan Grogol, Kabupaten Sukaharja. Hing dhusun Cemani punika sampun dipun yasani pasanggrahan ing salebeting tahun Jé 1734, utawi masèhi 1867 Wondéné keprabon dalem badhé kapasrahaken