Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
25

ngantos tumindak sampun kadenangan déning telik sandining Gupremen Walandi. Ing satemahngantos kepeksa angurbar aken Rayidalem K.G.P.A.H. Mangkubumi I Surakarta, saha Papatihdalem Kanjeng Raden Adipati Mangkuprojo dados bebanten. Kapasrahaken dhateng Gupernur Jendral Wa landi, ingkang salajengipun kakindhangaken.

Dhawuh pangandikanipun Kanjeng Ramadalem wau kados-kados Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom dhèrèng saged anjalari lilihipun panggalih, kacihna, kabuktèn sampun pinten-pinten paSowanan K.G.P.Adipati Anom mboten sowan HingKang Sinuhum.
Ingkang makaten wau hanjalari sungkawaning panggalihdalem. Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan kuwatos bilih putradalem ing Kadipaten saya ngureng panggalihipun.

Ing satunggiling wekdal Hingkang Sinuhun arim bali pisowanipun Risang Narpatmojo ing Kadipatèn. Sareng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom sampun sowan ing ngarsadalem, kaparingan dhawuh bilih badhé dipun palakramakaken malih. Badhe kadhaupaken kaliyan B.R.Aj. KABIBAH punika putra tilaranipun K. R. Adipati JAYANINGRAT. ingkang mijil saking garwa putridalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B.III. Wondene K.R. Adipati punika Papatihdalem alam jumenengdalem Hingkang Sinuhun P.B.III.
Inggaling carios sareng sampun dumugi dinten Pawiwahan. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegoro Sudibya Raja putra Narindra Mataram ing Nagari Surakarta Hadiningrat, palakrama kaliyan B.R.Aj. KABIBAH widada ing nir sambekala. Salajengipun garwa Kadipaten ingkang sepuh kaparingan asma Bandara Raden Ayu Kadipaten SEPUH. B.R.Aj.Kabibak kaparingan asma BANDARA RADEN AYU KADI PATEN ANEM. Kagungan putri satunggal G.R.AJ. KATIBAH. Sareng dewasa asma G.R.AY. SEKAR KADHATON.