Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
24

Nalika hing Kraton nuju ajar bedhayan kadospadatan. Hingkang Sinuhun kepareng nyobi titihan dalem kapal (turangga) inggal, mawi dipun gameli. Bibar bedhayan, Nyai Jlamprang kadhawuhan nyobi ngungelaken gedhing GADHUNG MELATHI. Sareng sampun suwuk, Hingkang Sinuhun ngandika: Sabdadalem handadèkaké suka pirenaning panggalih ingsun. Gendhing GADHUNG MELATHI iki, dadiya pusaka Kraton ing saturun turuningsun. Rèhdéné iki gendhing pisungsung saka garwaningsun kang Hangadhaton ing Samodra Kidul. Marmané aja kongsi kahunèkaké, miwah ing sadurungé hanya dhong lilah garwaningsun Kanjeng Ratu Kencana Sari luwih dingin.

**********
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM GUSTI SUGANDI DI PUN PALAKRAMAKAKEN MALIH.

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom sakunduripun saking Kitha Semarang, lajeng sowan ingngarsadalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana IV. angun juki uninga prastawa ingkang tumanduk dhumateng sariranipun.

Ramadalem paring dhawuh: Bilih sadaya kadadosan utawi sadaya lelampahaning manungsa punika namung kedah tinampi kalayan sabar, tawekal tuwin narimah. Punapa déné kedah pitados dhateng panguwaosipun Hyang Kang Amurbeng Rat.

Hingkang Sinuhun ugi ngambali dhawuhdalem ingkang sampun naté kawiyos, bilih samangsa sampun dumugi wahyaning mangsa kala, Landi badhé anilaraken Tanah Jawi piyambak. Ingkang punika Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kadhawuhan pitados dhateng pepesthèning lelampahan. Kekiranganipun punapa rerancangandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana Kaping IV. anggenipun kagungan karsa badhé angésahaken GupermenWalandi saking Nagaridalem. Wusana dhèrèng-