Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
23

SADAYA ingkang wonten ngriku, lajeng pitakèn. Wonten punapa déné sadaya sami ngrubung piyam bakipun ? Saéngetipun Nyai Jlamprang saweg nandhang raga. Tilem sapunika kraos entheng, mboten wonten ingkang karaosaken sakit. Anakipun ing kang sepuh piyambak suka wangsulan. Bilih ing uni embokipun kinging aradah, pagebluking nagari, sakit ngantos sanget. Wusana mbadal saking jampi, ngantos dumugi pralaya. Mila sami layat ngrubung lan badhe wiwit nyucèni jisimipun.

Nanging teka sami mrangguli kaélokan. Mbokipun pulih saras, mboten kawistara mar awi bibar ka taman sakit. Nyai Jlamprang namung manthuk manthuk, lan carios bilih Pangeran Kang Maha Kawasa punika pancen manawi hangarsakaken saged damel kaélokan, ingkang mboten saged pinanggih ing nalar. Tundhonipun namung sami hangunjuka ken syokur lan hangrumaosi bilih sadaya titah ka wula punika kedah hamung sadarmi nglampahi kang kinodrat.

Sasampunipun aring napasipun, gentos Nyai Jlamprang wiwit handongeng lelampahanipun. Purwa tumekeng wasana. Mboten kasepèn bab kapari ngan kasagetan hanggendèr Gendhing GADHUNG MLATHI. Ingkang kedah kahunjuk aken Hingkang Sinuhun. Ing wegdal ndongéng wau, tanganipun Nyai Ilamprang taksih hanggegem. Sareng dipun engakaken sami ngertos bilih ingkang kagegen ing tangan kiwa wuju tipun emas, ingkang tengen selaka Saya damel gawoking ngakathah.

Sareng sampun pulih babarpisan badanipun, Nyai Jiamprang lajeng sowan mlebet Kraton. Han gun jukaken Gendhing GADHUNG MLATHI, wau ing ngarsa dalem Hingkang Sinuhun sarwi ngaturaken lelam pahan ingkang élok kalawau. Hingkang Sinuhun hamung gedhèk gèdhèk kemawon, wasana gumujeng. Sanget handadosaken suka pirenaning panggalih dalem. Nyai Jlamprang kaganjar arta kathah sanget. Panganggen sadasa pangadeg. Kampuh seratan Kaputrèn Kraton.