Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
22

LAJENG katampèn ing GENDHING GADHUNGMLATHI. La drangan Slindro 9. Angsal kalih elikan, wirama, sesek, lajeng santun cingkok minangka minggah. Minggahipun Gadhung Mlathi wau wonten ingkang mastani, ladrang ubal ubal. Watawis wangsul kaping kalih, lajeng dados ayak ayakan cingkok Gadhung Mlathi. Satelasing cènkok Gadhung Mlathi, irama seseg dados ayakan wantah, lajeng suwuk.

Anggenipun hanggender Kanjeng Ratu gendhing Gadhung Mlathi wau, tansah dipun ambali, supados Nyai Jlamprang inggala nyakup. Nyai Jlamprang inggih saged hanggatosaken. Wantuning tiyang ingkang pana, ing gendhing, mila sempat laguning gender, mireng sakedhap lajeng saged.

Sareng sampun angsal tigang babak, Nyai Jlamprang lajeng gentos dipun dhawuhi nggendèr. Kanjeng Ratu hanjenengi. Sanget éram ing panggalih dalem, déné sampun cèples mboten gesah sakedhik kedhika, kaliyan anggenipun mucal Kanjeng Ratu.

Awit saking sampun kagalih nyakup samudayanipun Nyai Jlamprang lajeng kalilan mundur, saha kadhawuhan wangsul. Kaparingan sangu warni kunir lan kapuk kapas, minangka pratandha.

Inggaling carios Nyai Jlamprang salebetipun karubung anak putu lan kadang kadéan ingkang nedya hamiwiti nyucèni jisimipun, lajeng saged gesang malih. Kados punapa kagèdipun sadaya ingkang nyumurupi. Inggih kagèd inggih bingah ingkang tanpa upami. Malah katingalipun, saras babar pisan saking panandhang sakit, ingkang hanggegirisi ingkala punika. Nyai Jlamprang lajeng tangi, linggih nggumun sumerep tiyang kathah ingkang sami ngrubung, nanging taksih kendel kémawon. Dèrèng wonten ingkang wijantenan. Gumun tinanggapan ing pandeng pandengan datan wonten ingkang kawedal ucapané. Sepi samun sakedhap. Lajeng kapireng suwanten dhèhèm dhehem, inggih punika Nyai Jlamprang wiwit saged dhèhem, sarwi ngucek mripat. Sareng sampun tata manahipun, lerem lan aring napasipun. Nyai Jlamprang mèsem hambagékaken