Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

21

Wasana lajeng paring pangandika mekate:

Nyi wis aja sumelang, aja cilik atimu. Ingsun ora bakal meksa. Mung wae Jlamprang, ndadekna wruhani ra. INGSUN KAGUNGAN GENDHING, JENENG GADHUNGMLATHI

Iku gendhing kudu dadi kagunganing, Rakaningsun Sinuhun ing Surakarta. Amarga gedhe sawabé.Kena kinarya tetumbal, mamrih raharjaning nagara. Iku ingsun wulangaké marang sira. Yèn wus kacakup, sira ingsun lilani bali lan unjukna Raka larindra ing Surakarta.

Asrep cles, lir siniram ing tirtamarta. Raosing manahipun Nyai Jlamprang, sarwi munjuk nuwun sandika, mugi angsal berkah pangèstu dalem. Tumuli hanyakup piwulang dalem gendhing GADHUNG MELATHI.

KACARIOS: saking raos pangraosipun Nyai Jlamprang nyumurupi bilih Kanjeng Ratu Kencana Sari lajeng mundut gendèr Nyai Mas Tumenggung kalih. Mboten dangu ingkang kapundhutan sami ngladosaken pundhutan dalem Kanjeng Ratu. Nyai Jlamprang sagalangkung éram nyumerepi wujuté gendèr. Mancorong pindho kencana sinangling. Plangkanipun gadhing ingukir tinarétès ing sesotya murup. Rinengga ing mirah delima nila widhuri, tinapunggul ing muteara mubyar. Keclap keclap kahampil Nyai Mas Tumenggung.kalih. Kahunjukaken Kanjeng Ratu. Sareng sampun sumėlèh ing ngarsa dalem, saya katingal mancorong sunaring gender wau.

Awit kasembuhing indahing warni dalem. Dasar karengga ing busana adi. Kanjeng Ratu wiwit paring piwuçal gendhing GADHUNG MLATHI, lan dhawuh dhumateng Nyai Jlamprang: Nyi wigatekno lan lebokno jroning pangrasa. Jèr gendhing iki ora mung waton linakon déning panggendèr kang prigel. Nanging kudu binarung osiking rasa. Nyai Jlamprang nyandikani sarta ing batos tansah nyenyuwun mring Hyang Agung mrih lulus kabadan peparing dalem panabuhing gendhing pusaka wau. Kawiwitan saking jineman Gadhung Mlathi.