20
NANGING kaélokaning Pangeran ingkang Murbeng Kuwaos hamisésa gunging titah. Dukrikala jisim karubung sadaya anak putu, ingraos pangraosipun kadi déné dipun timbali sowan lumebet Kraton. Hingkang ngirit nyai Tumenggung kalih, marak ing ngarsanipun Kanjeng Ratu. Lenggah ing Kadaton Kencana. Namung Nyai Jlamprang rumaos dèrèng pisano naté sumerep. Kanjeng Ratu sinten ingkang nimbali punika. Lan Kedhatonipun ugi sanès Kedhaton Surakarta. Sawek manah kawontenan ing kang nembé sapisan punika dipun alami, lajeng kabagèkaken déning Kanjeng Ratu, sarwi paring dawuh makaten.
E, Jlamprang, sira aja kagèt. Marmané sira ingsun timbali. Ingsun iki kang sira suwitani, nora bédha lawan anggonmu suwita marang Rakaningsun, Njeng Sinuhun ing Surakarta. Ingsun ingkang jumeneng anéng Kedhaton Samodra Kidul.
Saweg dumugi samanten, salah satunggiling abdidalem Nyai Tumenggung tampi sasmita, lajeng sumambet. Inggih Dhi, ingkang sampeyan adhep punika Kanjeng Ratu Kencana Sari.... Sareng makaten Nyai Jlamprang saweg mangertos. Ngunjukaken sembah lan linggih ingkang prayogi. Wonten dawuh pangandika dalem Gusti. Nimbali pun Jlamprang? Kanjeng Ratu nglajengaken pangandikanipun. Nyi, Sira ingsun timbali, amarga ingsun banget kayuyun marang ka prigelanira manawa hanggender. Muyek, runtut, gelut ugelpakis. Sira ingsun pundut dadi abdiningsun. Dené manawa ana dukané Rakaningsun Sinuhun ing Surakarta, ingsun kang hananggung.
Kumepyur raosing manahipun Nyai Jlamprang, badanipun gemeter, angles manahi pun. Wasana munjuk Sakalangkung sembah nuwun kapundi. Nanging mugi mboten handadosaken dukaning panggalih dalem, Gusti. Abdi dalem kawula nyuwun mopo, awit taksih remen hanetepi suwita ing Kanjeng Raka dalem, Hingkang Sinuhun ing Surakarta. Sapandurat Kanjeng Ratu mboten ngandika, déning saget welas hamirsani kawontenanipun Nyai Jlamprang.