Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

19


GENDHING GADHUNG MELATHI.

Gendhing Gadhung Melathi, punika kalebet gendhing PUSAKA ing Kraton dalem Surakarta. Wontenipun sampun wiwit dhukrikala jumenengdalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana IV. Déné sejarahi pun mekaten.

 Mila gendhing pusaka kasebut gawat, lan mboten saben tiyang saged nglampahaken sarta mboten kapareng nglampahaken. Amargi asalipun saking Seganten Kidul. Ing sakawit, pisungsungi pun Kanjeng Ratu Kidul Kencana Sari, kacaosaken Rakadalem Hingkang Sinuhun P.B.IV.

 KACARIOS: Rikala semanten, Hingkang Sinuhun Paku Buwana IV, kagungan abdidalem MIJI pang gendèr èstri, niyaga kasepuhan, nama Nyai JLAMPRANG. Punika misuwur gendèranipun. Tur kathah kawruhi pun dhateng gendhing gendhing gendèr. Saking misuwuripun ngantos dipun timbali ing ngarsadalem Gusti Kanjeng Ratu Kidul.

 SEJARAH nyebataken, bilih nuju satunggiling mangsa, ing Surakarta kataman pageblug. Tiyang tiyang sami giris, sakit siyang sonten pejah. Sakit dalu injing pejah. Kocapa abdi dalem Nyai JLAMPRANG kala semanten ugi kataman sesakit. Dangu dangu saya majeng sakiti pun. Mbadal salwi ring usada. Ngantos hanjalari ing ajalipun. Sadaya anak putunipun sami sungkawa. Kawontenanipun Nyai Jlamprang makaten wau handadosaken prihatin dalem, Hingkang Sinuhun. Nanging bobotipun Narindra ingkang kalebet wicaksana lan uninga sadaya gelaring jagad raya, miwah mboten kekilapan tumrap usiking sasmita. Panjenengan dalem, tetep ayem ing salebeting wardaya. Nadyan tumrap tata lahir ugi hangen dikakaken sungkawa ning panggalih dalem.

 KOCAPA: Nyai Jlamprang ingkang sampun ajal kalawau, sadaya kulawarganipun sami tangisan.