18
- Telasé panuratipun, Besar tanggal kaping wolulas. Akat Pon Dal sinengkalan, Tata guna sabdèng Raja (1735) Masasta windu Sancaya. Pamujinirèng kawula, Ya ALLAH kang luwih wikan, Obah osiking kawula.
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom sateng sampun titi saha pamaosipun, amanggalih bilih Serat Wulangrèh punika, perlu dipun jangkepi mawi serat ingkang langkung moncèr tuwin pepak isi nipun. Awit saking punika Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, dhawuh dhumateng Penèwu Carik Kadipatèn nama Ki. Ngabèhi Ronggo Sutrasno, kadhawuhan ngyasakaken serat piwulang dHinapuk carios utawi dedongengan ingkang amarsitakaken gegambaran tuwin pikajenganipun manusa ingkang maneka warni. Liripun wonten ingkang remen dhateng padamel maksiatan. Wonten ingkang remen tumindak ing kautaman, sawenèh wonten ingkang anggilut ngelmi tuwin kawruh-kawruh sanèsipun. punapa déné anggambaraken pikajenganipun tiyang ingkang remen anèh-anèhan ugal ugalan lan sasaminipun. Wondéné ingkang minangka kanggé jejeri pun carios, kaparingan serat Suluk Jati-swara, kadhawuhan mbabar tuwin ambèbèraken ngantos moncèr.
Mawi kadhawuhan hanyariosaken kawontenan saha dedongènganipun sadaya ardi-ardi, guwa-guwa, patilasan patilasan wana-wana candhi-candhi sapanunggalanipun ingkang pinanggih wonten ing Pulo Jawi.
Serat suluk Jatiswara punika miturut pandugani pun pangripta yasandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana kaping III. Mendhet pepiridan saking ungeling sangkalanipun: Jati Tunggal Swara Raja. Anedhahaken tahun Jawi: 1711 punika teksih salebeting jumenengdalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping III.