Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

17

wuhan wangsul dhumateng bangsal pagongan ing Masjid Ageng. Handhawuhaken timbalandalem dhumateng abdidalem Demang Niyaga ingkang tampi ayahan wonten ing bangsal pagongan Sekaten. Bilih ing Wulan Mulud punika ngantos salajengipun, ungeling kagungandalem gangsa Sekaten kapareng mawi gendhing sanèsipun. Uger mboten anilar gendhing baku inggih punika RAMBU tuwin RANGKUNG.


BAB KASUSASTRAN.

Kacarios, sareng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kawistara saya majeng anggenipun kapareng maos serat-serat piwulang kina, nuju setunggaling wekdal kaparingan serat piwulang dening Kanjeng Ramadalem, nama SERAT WULANGREH. Serat Wulangrèh punika amarsitakaken bab NISTHA MADYA tuwin UTAMANING lelabetan. Yasan dalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan P.B kaping IV ing Surakarta Hadiningrat. Ing ngandhap punika kahaturaken tetedhakan purwaka tuwin pungkasanipun, sinawung ing sekar macapat tuwin tengahan minangka pracihna temen yasan dalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping IV.

  Purwaka sinawung ing sekar Dhandhanggula.

  1. Pamedharé wasitaning ati, Cumanthaka aniru pujangga. Dhahat mudha ing batiné. Nanging kedah ginunggung, dhatan weruh yèn kèh mèsemi. Ameksa hangrumpaka, Basa kang kalantur Tutur kang katula-tula, Tinuladan rinuh kalawan ririh, Mrih padhang ing sasmita.

Pungkasanipun sinawung ing sekar Girisa.

  1. Tititamating carita serat wewaler mring putra. Kang yasa Sri Maharaja Paku Buwana kaping PAT. Karsané Sri Maharaja ing galih panedhanira, Kang amaca amiyarsa, Yèn lali muga élinga.