Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
16
GAMELAN SEKATEN.
MITURUT PENGETAN ING KRATONDALEM SURAKARTA HADININGRAT.

Sareng jumeneng dalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B. IV/ Kapateng yasa gangsa Sekaten Supados hanyisihi Kyai GUNTUR MADU. Yasandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung PRABU HANYOKROKUSUMU ing Mataram. Sareng dados kalih prangkat, Kyai Guntur Madu kapasang wonten KIDUL plataran Masjid Ageng, Ingkang ing gal kaparingan nama Kyai Guntur Sari, kapasang wonten sisih Lèr. Ingkang murwakani ungeling gangsa Kyai Guntur Madu, gendhingipun RAMBU. Sasuwukipun gangsa, Kyai Guntur Sari mungal gendhing RANGKUNG. Anerangaken bilih gangsa Sekaten punika medalipun ing bangsal pagongan Masjid Ageng Surakarta. Namung saben tanggal 5 dumugi 12 wulan MULUD. Rèhning gendhingipun namung warni kalih, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom mirengaken bosen. Gendhing RAMBU sarta RANGKUNG, punika saking Kraton Demak. Kalastan tunaken dumugi sapriki. Awit saking punika anyarengi wulan Mulud, Kanjeng Gusti kapareng anyarirani ngasta BONANG gangsa Sekaten. Sabibari pun ngungelaken gendhing Rangkung, kadhawuhan nglajengaken gendhing BUNDHET. Panabuhipun bonang imbal-imbalan. Sampeyandalem Hingkang Sinuhun amiarsa bilih ungeling gendhing Sekaten benten kaliyan padatan. Pramila lajeng inggal utusan abdidalem Hurdhenas, kadhawuhan haniti ptiksa dhumateng bangsal pagongan Masjid Ageng. Utusandalem sareng dumugi ing bangsal pagongan anyumurupi bilih Kanjeng Gusti nyarirani ngasta bonang. Lajeng daya-daya wangsul malebeting Kraton.Saperlu hangunjuki huninga Hingkang Sinuhun, dupi amiarsa unjukipun abdidalem Hurdhenas mboten handadosaken dukaning panggalihdalem. Malah abdi dalem lajeng kadha