Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
9
KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM HAMENGKUNEGORO SUDIBYA RAJA PUTRA NARINDRA MATARAM INGKANG KAPING II.

Sasampunipun 3 dinten saking suruddalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.III, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kajumenengaken NARINDRA sumilih kapraboning Rama Nata.
Ajejuluk:
SAMPEYANDALEM HINGKANG SINUHUN PAKU BUWANA SENAPATI ING NGALAGA ABDULRACHMAN SAYIDIN PANATA GAMA KALIFATULAH INGKANG KAPING IV ING NAGARI SURAKARTA HADININGRAT.

Jumeneng Nata amarengi ing dinten Senen Paing tanggal kaping 28 Wulan Besar tahun Jimakir 1714. SINENGKALAN: DADI RAJA SABDANING RAMA. Utawi kaping 29 September 1788. Sinengka lan: BRAHMANA HASTA AMULANG RAJA, wuku KÜLAWU widu HADI.

Nalika semanten yuswadalem saweg 20 warsa langkung 7 candra.

Watawis 3 warsa saking jumenengdalem Nata awit saking keparenging karsadalem badhe anambut silaning akrami. Ingkang kakersakaken badhe kapundhut prameswaridalem punika ingkang rayi B.R.AY. Adipati Anom ingkang sampun sawarga asma B.Rj. SUKAPTINAH. Sami atmajani pun Kanjeng Raden Adipati Cokrodiningrat. Bupati ing Pamekasan Madura. Dados nama ngarangulu.

Kramadalem amarengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 16 wulan Besar tahun Jimawal 1717 Sinengkalan : PANDHITA LUWIH KALOKENG RAT Utawi kaping 17 Agustus 1791 Sinengkalan: JANMA SANGA AN ABDA TUNGGAL. Wuku Kulawu Windu Kuntara.
Mawi pamiwahan ageng-agengan pakajangan ngantos 40 din ten. Salajengipun Prameswaridalem kapatedhan asma G.K.Ratu KENCANA. WUNGU.