Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
10
B.R.M. GUSTI SUGANDI KAJUMENENGAKEN PANGERAN ADIPATI ANOM HAMENGKUNEGORO SUDIBYA RAJAPUTRA NARINDRA MATARAM KAPING III ING SURAKARTA HADININGRAT.

Sasampunipun sawarsa kaliyan titimangsa kramadalem wau R.R.M. Gusti SUGANDI sanadyan saweg yuswa 7 warsa langkung 8 wulan, sinengkak aken ing aluhur, winisudha jumeneng Pangeran Adipati Anom, kapatedhan sesebutan: KANJENG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM HAMENGKUNEGORO SUDIBYA RAJAPUTRA NARINDRA MATARAM KAPING III. Amarengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 24 Wulan Besar Warsa Jé 1718 Sinengkalan : NAGA RAJA TINITIHAN JANMA. Utawi kaping 13 Agustus 1792. Sinengkalan: NEMBAH DEWA KASWARENG JAGAD Wuku Mandhangkungan Windu Kuntara.
Manawi wonten pasamuan ageng lenggahipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom hanyepuhi lenggahipun K.G.P.A. A. Mangkunegoro II.
Sampeyandalem Hingkang Sinuhun P.B.IV. saya kasok sih katrisnan dalem dhumateng putradalem Kadipaten. Bebasan tansah kinathik ing ngarsaning Rama Nata rinten dinten. Sabibaripun supit, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom tansah wineleg ing salwiring kawignyan sarta kagunan punapa déning aji jaya kawijayan. tuwin guna kasantikan lan sapanunggilanipun. Para abdidalem hingkang langkung kasagetanipun tuwin kagunan sami kadhawuhan amulang wuruk dhumateng Kanjeng Gusti. Babagan Kasusastran Karawitan Begsan Katuranggan Kaprajuritan Kawruh paniti praja lan sasaminipun. Hingkang Sinuhun piyambak ugi mboten kendhat anggenipun paring piwulang dhumateng putra ing Kadipaten. Supados ing tembénipun saged ane tepi kuwajibaning Narindra. Kabekta Kanjeng Gusti tansah - wineleg ing piwulang sarta kawruh-kawruh punapa déné kagunan lahir miwah batos, pramila kathab tetilaranipun ingkang minangka pracihna, bilih sariradalem linangkung sayektos.