Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
8

Kaprenah sak kilèn pangimanan Masjid Lawiyan, Perlunipun Kanjeng Gusti saged asring nuwèni Pasaréanipun garwadalem. Labet teksih kandel sih katrisnandalem dhumateng garwadalem wau, Sungkawaning panggalihdalem Kanjeng Gusti hangantos sawatawis candra mboten saged lipur. Awit kajawi kapedhotan katrisnan, ugi mangga lihaken putradalem. Ingkang nembé yuswa kirang langkung 1½ warsa.
Panandhang punika manawi tansah dipun raos raosaken tangèh sage tipun angsal panglipur. Milangantos kalebet ing bebasan:
RINAGAS SAYA KARASA, GINAGAS SAYA ANGRANUHI.
Makaten ugi tumrap sarirani pun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom. Nanging sareng tetéla mboten wonten wohing panglipur, pepuntoning panggalihdalem lajeng pinupus dhateng papesthening lelampahan. Jer manusa namung sadarmi anglampahi. Lelampahan punika manawi dèrèng dumugi pandoming kanugrahan, tansah kemawon reribet ingkang handhatengi. Bebasan gilir gumanti. Mapan inggih makaten ing alam donya.
Kanjeng Gusti ingkang sampun saged hanglipur sawatawis, kataman sungkawa malih Inggih punika tinilar Ramadalem. Murud dhumateng don kasédan jati.