Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
7

Mijil WIGARINGTYAS

Ni Mas ayu kusumaning adi.
Déwaning paturon.
Hangrerepa katur panabdané.
Dhuh mirah ingsun kang pindho Ratih.
Baya sira yayi, jimating tilam rum.

Kadyangganing mintuna lan mimi.
Tansah hakaroron.
Datan pisah saparan parané.
Reruntungan haliling limiling.
Ya ta kang winarni, sagung para sepuh.

Sareng dhumawahing sepeken an, Gusti Timur kapatedhan asma saha sesebutan BANDARA RADEN MAS GUSTI SUGANDI. Wiwit miosipun Gusti Ti mur Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom kawistara saya kasok katrisnan dalem dhumateng garwa sumawana putradalem. Pramila nama mboten anèh bilih ing kadipatèn asring dipun wontenaken lelangen among suka, kadhawuhaken ing saben wiyosandalem, wiosanipun garwa tuwin putra. Hingkang makaten wau handadosaken bingahing para kawuladalem, awit kathah ingkang sami tampi kekucah dalem.
Kados sampun dados kodrating papesthèn, bilih kabingahan punika tetimbanganipun, kasisahan. Makaten ugi tumrap sariradalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, ingkang saweg nedheng nedhengipun kasok katrisnan dalem dhumateng garwa saha putra.
Anuju satunggiling wekdal garwadalem kataman gerah sariranipun, ngantos ambadal ing husada. Hingkang satemah anjal ari sédanipun. Sapinten menggah sungkawaning panggalihdalem Kanjeng Gusti, mboten saged kacandra. Sasampunipun paripurna pangruktining layon, lajeng kasarèkaken ing Astana Luhur Lawiyan solo.