Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
6

BOCAH AYU, apa kowé kaduga hanglakoni bakal dak pundhut garwa? Aturipun Sang Retna Malih Warni Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, punapa mboten kaduwung mundhut garwa kawula?
Ri Sang Narpadmaja ndangu: Bocah ayu kowé sejatiné putrane sapa?
Aturipun Sang Retna Malih Warni; Kawula pun HANDAYA, sutanipun Adipati Cakradiningrat ing Madura. Matur makaten kaliyan lèngsèr saking ngar sadalem Hingkang Sinuhun. Medal gegan angan dateng plataran. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom nguningani kusahipun R.AJ. Handaya wau, lajeng trengginas anututi. Ramé denya bujung binujung. Satemah R.AJ. Handaya saged kasikep déning Kanjeng Gusti. Lajeng kaboyong, kasowanaken ngarsa dalem Hingkang Rama Dawuh pangandika dalem; Pangeran Adipati Anom, teka teka karo mbopong putri, sing tok bopong kuwi sapa?
Unjukipun Ri Sang Narpadmaja: Nuwuninggsih Kanjeng Rama, dalem nyuwun pangapunten, adalem ngantos nilar ing tatakrama. Sampun tinakdir bilih R.AJ.Handaya punika jodhonipun dalem. Reroncèning carios mboten kahaturaken ing riki. Inggalipun, mboten dangu kaliyan kadadosan ing ngajeng. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegara kaping II, sampun kalampahan krama angsal R.AJ.HANDAYA.
Mboten dangu kaliyan titimangsa anggènipun pala krama Bandara Raden Ayu Adipati Anom sampunkatingal hanggarbini. Dupi sampun jangkep 9 candra,kantun ngentosi wahyaning mangsa pambaring putra.
B.R.AY. Adipati Anom mbabar putra miyos kakung. Miyosipun Gusti Timur andadosaken suka renaning panggalihipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, sakaliyan garwa. sumawana Hingkang Sinuhun P.B.III.