Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
5

tunggang hancala (plèthèking srengéngé) R.Aj.HANDAYA dipun adusi mawi toya sekar manca warna, winadhahaken ing bokor kencana. Anggenipun ngadusi mawi ngocapaken mantra, nyuwun salin warni, kados citranipun Hyang Bathari UMA Hingkang ngadusi kapilihna Nyai Mas Tumenggung ingkang betah lapa, sarta ingkang sampun radi kaduk ing yuswa. Mangké tamtu wonten wilasanipun Hyang jagadpratingkah maringi santun warni tuwin suwanten dhumateng R.Aj. HANDAYA.
Hinggaling carita:
Haturi pun Hyang Bathari Durga sampun dipun istokaken déning Hingkang Sinuhun.
Injingipun R. Aj. HANDAYA dipun sirami mawi secar setaman, dening Nyai Mas Tumenggung. R.Aj. Handaya lajeng santun warni, sakalang tung sulistya, suwantenipun inggih lajeng limrah kados salimrahipun wanita. Sasampunipun paripurna anggenipun dandos lajeng kasowanaken marak ing ngarsadalem Hingkang Sinuhun. Handadosaken renaning panggalihdalem. Saknalika wau, Hingkang Sinuhun utusan nimbali Putradalem ing Kadipaten. K.G. P. Adipati Anom lajeng sowan ing ngarsadalem. Hingkang Sinuhun lajeng handangu, dhumateng Putra ing Kadipaten.
Kulup Pangeran Adipati Anom, apa wis bisa kacemu weninging pikirmu?
Unjukipun Ri Sang Narpadmaja. Kanjeng Rama, adalem mopo mboten sandika manawi kadhahupaken taliyan R. Aj. Handaya. Dhawuh pangandikadalem Hiya sapa, putri ngendi kang kok pilih Kulup? Matura kang prasaja. Mengko Rama kang bakal angrampungi. Unjukipun Ri Sang Narpadmaja, mawi wonten keparengdalem, ingkang adalem pilih putri ingkang marak wonten ing ngarsadalem punika. Dhawuh pangandikadalem: Iya prayoga tainen dhéwé. Kanjeng Gusti handangu dhumateng Sang Ratna malih warni.