Menyang kontèn

Kaca:Sumunar.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Menawi Bapak panggah dhateng kersanipun, aluwung ... aluwung seer” êkure Sri kesandhet-sandhet dening tangise. Luh pating dlewer nelesi pipi senajan sedhela-sedhela wis diusapi. Kaya-kaya tuk-e luh iku tansaya gedhe.

“Aluwung apa, Ndhuk?” pitakone Bu Pana kanthi rasa kuwatir,

“Aluwung kula cabar boten estu nikah kemawon”

Mangsuli mangkono Sri mlayu mlebu ngomah, banjur mlebu ing kamare, Lawang ditutup, banjur dikunci rapet.

Nganti sore Sri durung gelem metu kamar. Dheweke metu kamar amung amarga saperlu wudlu bakal nindakake salat Luhur lan Asar,

Ya kahanan kaya mangkono kang gawe Pak Pana sayah raga lan penggalihe.

“Pak, gandheng awake dhewe niku empun ngaturi tangga teparo, sedulur kathah, tinimbang cabar kados pundi yen dituruti mawon karepe putrane?”

“Bu, aku mau rak wis kandha, ta Sing kudu manut kuwi anakmu wadon. Wong cetha ora dikongkon tumindak ala, malah becik, Iha kok ora gelem, Dakkira ki yen anakmu kuwi wis dhiwasa tenan, jebul ya pikirane isih pikiran bocah, Buktine, ana bab kaya ngene kok ora gelem rembugan karo aku Langsung, Malah saiki ndadak nganggo ngunci kamar barang, Aku gumun, sing ngracuni pikirane anakmu kuwi sapa ngano Iho, Bu? Kok dheweke bisa duwe panemu kang kaya mangkono?” Pak Pana ngunjal ambegan dawa kaya- kaya dhadhane kebak, seseg anggone ngrasakake. Ora ket suwe Pak Pana merusake ngendikane,

“Apa yen wis duwe panemu kaya panemune anakmu kuwi wis kalebu waong suci? Dadi ahli swarga? Durung mesthil Swarga lan neraka iku sing wenang ya mung Gusti Allah piyambak. Rak ngono ta, Bu?”

“Pun ta Pak, Panjenengan boten sah ngala-ala keyakinane tiyang sanes, Mangke ndhak boten prayogi kedadosanipun. Sakniki sing kedah dirembag Bik kades pundi Ja padon daa, gupadios anggana ninis awake dhewe nika

cabar!”

“Genah cetha kuncine kuwi neng anakmu ngono kok, Yen anakmu kuwi gelem kaya caraku, awake dhewe sida mantu. Ning yen ora, embuh. Ra weruh kedadeyane!”

Bu Pana sangsaya bingung ngrasakake anake sing ora pelem nurut dhawuhe Bapakne. Upa ngrasakake garwane sing kenceng nggondheli marang budaya Jawane.

“Pak, mbok dipenggalih malih. Kados pundi yen mangke anggene mantu niku cabar, Napa boten mbabar wirang tenan? Lan kula nyuwun dipenggalih langkung lebet malih, ngijabaken anak wedok niku dados

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 80