Kaca:Sumunar.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

wektu? Rak ora ta? Apa Bapakmu kae ora nindakake agama Islam? Rak ya ora ta? Senadyan mengkono, Bapakmu iku uga ngugemi banget marang budaya Jawane. Mula ya Ndhuk, kowe bisaa nampa.”

Sri meneng wae. Dumadakan mripate kembeng-kembeng kebak eluh. Banjur netesi pipine kang nduren sajuring iku. Kanthi kesesep Sri matur marang, ibune.

“Bu, sinaosa kathah sanget ingkang, Panjenengan ngedikakaken wau wonten suraos piwucalipun, menika boten wonten tuntunanipun. Kapadosana wonten ing Alguran kaliyan Hadis menika sadaya boten badhe Mila, tumindak kados makaten kalawau dipunwastani bih, Bu. Kula ajrih dosa dhateng Gusti Allah, Bu. Mila kula nyuwun kanthi sanget, benjang menika mangke wonten pengaosanipun. Ngaten kemawon, Bu, Lan menika rumiyin rak inggih sampun kula aturaken dhateng Bapak, ta?” Sri mbeguguk ngutho waton, panggah kekarepan lan panemune,

“Nanging, rancangane Bapakmu kuwi wis mateng, Ndhuk. Tangga teparo lan sedulur-sedulur wis padha priksa. Sesuk-esuk kuwi wiwit padha diterusake bengine nindakake tebus kembar mayang”

“Dados sampun ngaten menika, Bu. Asinghfirullah,” Sri sangsaya ndadi

Jroning batin Sri ora kepingin dadi anak duraka, nanging yen nuruti kersane wong tuwa, mengkone luwih duraka marang Kang Kuwasa. Rancangane wong tuwane kaya wis ora bisa dicabarake maneh. Sri bingung, kuwur pikire,

“Bu, kula matur dhateng, Ibu, Bokbilih mangke ugi saged dipunaturaken dhateng Bapak. Saestu, kula nyuwun pangapunten dhateng Ibu saha Bapak menawi sampun damel sengkel penggalih Panjenengan kekalih, Kula boten kepingin dados lare ingkang duraka dhateng tiyang sepuhipun.”

“Alhamdutilah, Ndhuk .... Aku mongkog tenan karo kowe. Aku ngesti yen kowe kuwi bocah kang sholehah, mbangun turut marang bapak ibu, Seneng aku, Ndhuk. Dadi kowe gelem nampa lan nglakoni rancangane Bapakmu, ta?” pasuryane Bu Pana katon sumringah krungu ature putrane,

“Nyuwun pangapunten, Bu. Atur kula dereng rampung, Kula inggih ajrih dados titah ingkang duraka dhateng Gustinipun,” Sri mimbuhi ature.

Pasuryane Bu Pana kang mau wis katon sumringah saiki bali dadi

maneh,

“Lha, terus karepmu priye, Ndhuk?”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 79