Kaca:Sumunar.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Bu, prasaja kemawon sejatosipun wonten menapa?” pitakone Sri saya

Kang ditakoni sajak kewuhan. Ing penggalihe Bu Pana wis bisa ngira yen putrane iku mengkone ora bakal marima marang apa kang bakal dingendikakake mengko.

“Ngene lho Ndhuk, kowe ngerti yen bapakmu iku priyayi kang wis sepuh. Mula banget anggone ngugemi kabudayan Jawa. Bapakmu ya ora kersa tenan yen diaturi ninggal kabudayan Jawa. Aku kandha kaya mangkono mau magepokan karo apa sing arep dakkandhakake marang kowe iki. Bapakmu wis ngrarcang kabeh kanggo acara mantenanmu sesuk kuwi. Mula saka kuwi dakjaluk kowe bisaa nampa lan gelem nglakoni sawernaning acara kang, wis dirancang dening Bapakmu sesuk...”

“Lho, mangke rumiyin, Bu. Ingkang dipunrancang Bapak menika acara ingkang kados pundi? Cocog, kaliyan paugeranipun agami menapa boten?” pitakone Sri miterang,

“Aku mau rak wis kandha ta Ndhuk, yen Bapakmu iku ora bisa ninggalake kabudayan Jawa. Mula saka kuwi mesthine anggone ngrancang acara ya miturut tata cara budaya Jawa. Lan ngene ya Ndhuk yen miturut aku, agama. Cengkah lan ora kuwi gumantung, marang kepriye anggone ngonceki, Kaya ngendikane Bapakmu kae, yen sejatine kabeh adat tata cara Jawa iku ngemu surasa piwulang, kang, becik kanggo urip iki. Luwih-luwih ing upacara manten. Kowe rak sok melu resepsi ta, Ndhuk? Lumrahe pranata carane kae ngendikakake bab werdine upacara-upacara kang nembe dilakoni. Keneng apa yen manten iku kudu nganggo janur, kudu gawe gapura kang kedadeyan saka maneka warnane gegodhongan lan sapiturute? Janur iku yen ditepesi kanthi kerata basa rak sejatining Nur. Dadi wong sing arep omah-omah iku kudu tansah eling marang sejatining Nur, Cahya, ya Gusti Alah kang nitahake jagad taya saisine iki. Nggon gapura kae kudu ana alang-alang, godhong kluwih gek malah tebu barang melu ditemplekake, Iku kabeh mengku karep, Ndhuk. Anane alang-alang iku supayane anggonmu urip kekluwargan ing mengkone Gora ana alangan Anane godhong; Kluwih iku nduweni panyuwunan marang Gusti Allah muga-muga sira sakloron ing mengkone nduweni kaluwihan kang bisa kanggo tepa tuladhane tangga teparomu lan masyarakat umume, Semono uga tebu iku ana tegese, Yen anggonmu kekluwarpan kuwi kudu dilandhesi kanthi antebing kalbu. Lan isih akeh pitutur-pitutur kang kakandhut ing tata cara Jawa iku, Dadi yen kowe pelem nyurasa kang temenan, mesthi ora nduwe pikiran yen tata cara Jawa iku kebak ing, tumindak syirik, nyekuthokake Allah. Kowe rak ya ngesti dhewe ta, apa Bapakmu kae tau ninggalake salat limang

nj

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 78