“Lha kira-kira ana pira Ndhuk, priyayine?”
“Watawis pitung ndasanan, Bu.”
“Oya sithik yen mung semono wae, Dadi tamumu karo tamune Bapak lan Ibu yen digunggung ana watara limang atusan”
“Nanging anu Iho, Bu, Benjang menawi wonten resepsi tamunipun menika kedah pun piyambak-piyambakaken, lho, Ingkang kakung kaliyan ingkang kakung, dene ingkang putri kaliyan ingkang putri. Tur antawisipun tamu kakung kaliyan tamu putri mangke kedah wonten warananipun ingkang milahaken.”
“Lho, Kak ngiri Apa cra Niyah nang klas Mu? T ba mêngko yen ani tamu sing rawuh sarimbitan apa ya lenggahe terus diaturi pisah ngono:
NAN a a a ai
une,
Bu Pana bingung nggagas panemune putrane iki. Apa ya pancen kudu ngono ana ing piwulang apama? Pitakone Bu Pana sajroning batin. Bu Pana sangsaya bingung maneh anggone bakal ngandhani anake yen sesuk iku anggone mantenan kudu nggunakake tata cara Jawa,
“Ya bab kaya ngono kuwi kowe matura dhewe marang Bapak. Wiwit dina iki becike kowe rasah lelumpan adoh-adoh Kanggo ngawekani samubarang apa wae kang ora dikarepake!”
“Lho, Ibu kok penggalihipun taksih kados ngaten? Sadaya ingkang kalampahan lan ingkang, badhe kalampahan menika sampun ingkang ngakur inggih menika Gusti Allah. Sauger kula kaliyan panjenengan menika pitados makaten boten wonten menapa-menapa, Bu.”
“Aku omong mangkono mau kanggo ngawekani, Ndhuk. Awake dhewe rak ora ngerti kepriye lelakon kang wis ditakdirake Gusti Allah. Tur ta manungsa iku titah kang nduweni kuwajiban kudu usaha, dimen kabeh mau tinemune becik,” ngendikane Bu Pana marang putrane sing babar blas ora nggugu marang wewalere para leluhur,
Bu Pana nyedhaki lungguhe putrane wadon, banjur disikep lan dielus- Tus rambute, Katon banget tresnane Bu Pana marang Sri Pamulatsih. Dikaya ngapa wae Sri iku bocah kang becik, tansah mituhu marang dhawuhe wong tuwa. Mula Bu Pana nyoba ngrimuk putrane.
“Ndhuk, ing piwulang agama mesthine rak ya ana ta sing ngandhakake yen anak iku sabisa-bisane mikul dhuwur mendhem jero, Lire, bisa njaga wirange wong tuwa lan ngatonake becike wong tuwane”
“Lha nggih wonten ngaten, Bu, Boten, kok ibu ngendika kados ngaten menika wonten menapa ta, Bu?” pitakone Sri kebak rasa cubriya marang; apa kang sumimpen ing penggalihe Ibune.
SUMUNAR Artobgi Crita Cekak, 77