Kaca:Sumunar.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Pak, Penjenengan ki ampun ngendika ngoten, Wong nyatane putrane niku padha ngaji, ngangsu kawruh agama kok njenengan wastani kados ngoten. Mangke ndhak ndadoske kirang prayogi kalih kanca-kancane Sri.” Bu Pana nyoba ngleremake garwane,

Wiwit lulus saka SMA, Sri Pamulatsih iku pancen sregep ngaji lan ngangsu kawruh agama, malah saiki dheweke klebu pengurus sawijining pergerakan klam, Lulus saka SMA, Sri Pamulatsih kuliah ana ing IAIN Sunan Kalijapa, Yogyakarta. Dheweke njupuk jurusan Pendidikan Bahasa Inggris. Ya ing kampuse iku Sri ketemu karo calon bojone kang aran Mohamunad Shodikin, bocah saka Brebes, Sanadyan klebu bocah jaman saiki, si Sri tetep nduweni tata krama kang genep. Solah bawane tansah nuduhake kurmat marang, sapa wae luwihluwih marang wong tuwane sakloron Dheweke ora tau mbantah dhawuhe wong tuwa. Nanging, yen wis nganti tekan bab kang magepokan karo syarat agama, dheweke emoh kalah sanadyan karo wong tuwane. Sri Pamulatsih nduweni panemu yen kabeh kang bakal dilakoni kudu ngenut Kawan apa kang kaparak ing Akyuran lan Hadis, Kanggone Sri, upacara- upacara adat lan pangibadahan-pangibadahan kang ora tinemu ana ing Alguran lan Hadit iku kalebu bidah, haram ukume menawa katindakake. Kalebu reroncening tata cara mantu kang, tharik-tharik ing kabudayan Jawa. dheweke ora gelem nindakake tata cara Jawa rikalane didadekake manten nindakake tata cara Jawa,

Dina terus lumaku. Rong minggu sadurunge dina kang wis pinilih, Pak duwe gawe ewuh mantu, Ing kono Pak Pana ngrancang samubarang kang magepokan karo ewuhe, ngenut klawan tata cara Jawa. Bab iku Sri ora mangerteni amarpa rikalane nglumpukake tangga teparo iku Sri lapi lelungan ana ing Semarang, Malah dening Pak Pana, Sri aja nganti ngerti.

Bu Pana kang raket banget karo putra rapile iku ora kuwat nyimpen

Pirsa putrane lagi lungguhan, maca buku dhewe ing kebon mburi Bu kepriye wae sesuk iku resepsine ya pedhen, Rak kanca-kancamu ya wis dha ko- umdhangi ta, Ndhuk?”

“Nggih sampun, Bu. Nanging kula boten ngaturi kanca kathah kok, Bu. Paling nggih namung kanca-kanca organisasi kaliyan kanca ngaji”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 76