Kaca:Sumunar.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

SRI PAMULATSIH

Slamet Nugroho

Sore iku Pak Pana katon sayah banget Sayah ragane ya sayah penggalihe. Lungguh ana kursi tamu dikancani garwane, Sedhela-sedhela watuk, Ambegane kaya seseg senpkil sanadyan bola-bali wis diunjal, Limang dina maneh Pak Pana arep duwe gawe mantu putrine wuragil kang aran Sri Pamulatsih,

“Mbok sampun, Pak. Le menggalih boten sah lebetlebet Empun kajenge yen pancen karepe putra njenengan kados ngoten Dituruti mawon,” ature Bu Pana marang garwane,

“Ora bisa, Ba Sing kudu manut iku malah anakmu wadon kuwi, Awake dhewe dadi wong tuwa anggone nguja kaya wis ora kurang-kurang. Wiwit saka cilik nganti tumekaning dewasa iki, Wiwit saka bab sekolah nganti anggone milih jodho, Aku mung kepingin si Sri iku netepana anggone dadi wong Jawa. Sing j "wong salaki rabi iku ora baen-baen Iho, Bu, Biyen bab

pamilihe dina aku wis manut. Ora ora ag ianh Pinang nganggo petunganku ya ora apa-

“Pak ..., si Sri niku pun lare sakniki, Nek ken manut kalih kersane Bapak sing kados ngoten mbok bilih nggih boten saged sebab jamane niku pun beda, Pak”

“Tki dudu perkara jaman sing wis beda, Bu, Iki bab Je netepi dadi wong Jawa. Yen wong Jawa iku lumrahe yen mantu omahe ya ditarubi, ya kendhurenan kanggo nyuwun keslametan, lan sapiturute.”

“Ning miturut si Sri, niku boten enten tuntunane.”

“Sing kandha sapa? Sing kandha sapalif Yen pelem mara buku bab kabudayan kaya ngono kuwi pirang-pirang, Bu, Kae, neng rak buku kae dijupuk, diwaca. Ana Serat Tata Cara, ana Primbon, sing kabeh mau ngemot piwulang-piwulang bab kabudayan Jawa, Bu.”

“Bu, aku ngesti kok apa sebabe si Sri kuwi ora gelem nindakake sawernaning kabudayan Jawa, luwih-luwih bab anggone arep dadi manten iki, Dheweke iku wis kena pengaruh budaya liya, Anggone ubyang-ubyung karo kanca-kancane sing jarene padha ngudi ilmu apama kae, iku sing nyebabake.”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 75